Translate

Sabtu, 27 Desember 2014

Sinau Filsafat Jawa (SANEM~Sa Cacahe Nem)



SANEM
(Sa Cacahe Nem)

Sanem kuwi kalebu intisara wewarah utawa ajarane Ki Ageng Suryamentaram, 1892-1962). Dene jlentreh sarta babarane kasebut sajroning tulisan iki. Ki Ageng kuwi kondhang. Kondang ing babagan kawruh, kajiwan utawa kawruh jiwa. Luwih kondhang maneh kawruh kuwi kang diarani kawruh beja. Sing nggilut sinau lan nyinau kawruh beja kuwi akeh. Ing taun 1965 dianakke konggres utawa isitilahe junggring salaka agung kawruh jiwa Suryamentaram ana ing Semarang. Dene sadurunge kuwi, ing taun 1953 uga dianakake ing Magelang. Sadurunge, ing taun 1937 dianakake ing Yogyakarta, lan ana ing Sale taun 1932.
Ing taun 1979 Idayu Press, Jakarta, mbabar pustaka Wejangan Pokok Ilmu Bahagia lan Ilmu Jiwa Kramadangsa, loro-lorone alih basa saka basa Jawa garapane Ki Oto Suastika. Inti Indayu Press dhek taun 1985 ngetkake buku Ajaran-Ajaran Ki Ageng Suryamentaram kagarap saka basa Jawa dening Ki Grangsang Suryamentaram, Ki Oto Suastika lan Ki Atmasentana. Nalika taun 2002 Grasindo nerbitake Falsafah Hidup Bahagia jilid 1 lan taun candhake kang jilid 2. Sakawit irah-irahe Filsafat Hidup Bahagia. Darmanto Yatman ngrembug ajarane Ki Ageng ing bukune Psikologi Jawa, weton Bentang Yogyakarta 1977. Malah banjur diganepi Psikologi Jawa Jangkep weton Limpad Semarang taun 2004.
Dadi pranyata menawa ajarane Ki Ageng kuwi antuk kawigaten sarta sumrambah ing bebrayan agung.
Aku entuk fotokopi notulen Sesorah Wejangan Kawruh Begja Sawetah saka Sentral Panitya Windu Kencana Surabaya katitimangsan 1 Maret 1936. Wejangan kasebut ana 4 perangan. Siji-sijine daksrapat dakjupuk sari-sarine kapratelakake ng ngior iki.
Perangan 1 Bab Bungah Susah
Ing salumahing bumi sakurebing langit iki ora ana barang kang pantes diaya-aya, digoleki kanthi mbangeti. Uga ora ana kang pantes diceri-ceri, ditampik babar blas. Wong ngaya kuwi ateges golek samubarang. Wong nyeri kuwi ateges nampik samubarang. Kang diaya digoleki kuwi ora gawe susah utawa cilaka ing selawase. Kang diceri ditampik kuwi ora gawe susah utawa cilaka ung salawase. Yen karepku klakokn mesthi bungah utawa begja, yen karepku ora klakon mesthi susah utawa cilaka. Panemu mangkono kuwi genah yen kleru. Karep sapirang-pirang bisa klakon ya ora bungah utawa begja. Bungaha utawa begjaa ya mung sedhela, banjur bungah utawa begja maneh. Wose, bungah susah kuwi ora ajeg. Saiki bungah, suwe-suwe susah. Saiki susah, suwe-suwe bungah.
Perangan 2 Bab Tentrem
Mari lan umuk njalari ora tentrem. Meri kuwi rumangsa kalah karo wong liya. Dene umuk kuwi rumangsa meneng karo wong liya. Urip kuwi anane sok kalah sok menang. Yen kuwi tansah dielingi banjur bisa tentrem. Meri lan umuk nuli kepengin ngungkuli liyan ing babagan pangan, sandhang, papa, bojo, anak, kasugihan, kapinteran lan apa bae. Kamangka wong liya ya kepengin ngungkuli. Dadi ora prelu ungkul-ungkulan. Kudu eling kala-kala ngungkuli, kala-kala diungkuli. Yen mangkono bisa tentrem. Ora meri ora umuk ora kepengen ngungkuli. Anane apa anane, prayogane apa bae sakepenake, sabutuhe, saprelune, sacukupe, samesthine lan sabenere. Yakuwi kang aran sacacahe utawa sanem.
Perangan 3 Bab Tatag
Pancen manungsa kuwi isih karep. Karep kuwi langgeng, biyen ya wis ana, saiki ana, besuk ya tetep ana. Nalika bumi lan langit durung ana, karep wis ana. Besuk yen manungsa mati, rag rusak, karep ya isih ana. Besuk yen bumi lan langit wi ora ana, karep isih ana. Karep kuwi tanpa wiwitan tanpa wekasan. Karep kuwi langgeng. Mula ora prelu getun. Getun kuwi kuwatir utawa wedi marang kang wis klakon. Ora prelu sumelang. Sumelang iku kuwatir utawa wei kang durung klakon. Yen luwar saka naraka getun, naraka sumelang, tumuli mlebu swarga tatag. Dadi wong sugih, tatag. Dadi wong mlarat, tatag. Dadi ratu tata. Dadi kuli iya tatag.
Perangan Bab 4 Beja
Yen bisa apa anane, banjur bisa nyawang. Nyawang karepe dhewe. Nyawang karepe dhewe iku langgeng, langgeng beja. Beja langgeng. Ing papan ngendi wae beja. Ing wektu apa wae beja. Ing swasana apa wae beja. Kepriye wae beja. Yakuwin kang aran kawruh beja.

(Sumber: Yatmana, Sudi. 2011. Céprétan Filsafat Jawa. Surakarta: Pusat Lembaga Kabudayan Jawi. Hal: 16-18.)

Minggu, 21 Desember 2014

SINAU BUDHI PAKARTI NGANGGO AKSARA JAWA DENTAWYANJANA UTAWA HANACARAKA (LELIMBANGAN 1)



BUDHI PEKERTI
(Pangracik Sudi Yatmana)
Ha        Amarga ana wektu, awakke dhewe iki bisa nerusake urip
(Tarthang Tuklu)
Na        Nadyan sembranan, aja natoni atining liyan
(Horatius)
Asline, nec lusisse pudet, sed non incidere
Ca        Carane Allah nylamur ngejawentah ora kanyana ora kini
(Doris Lessing)
Ra        Rasak-rasakna, mati kuwi peranganing urip
(Ramayana)
Ka       Kang dingendikakakelan ditindakake dening guru kuwi kalebu kabudayan
(Anton L. Wartawan)
Da       Diutus Allah aku mligi kanggo gawe sampurnaning nudi luhurmu
(HR Bukhari, Al Hkim lan Al Baihaqi)
Ta        Tatuning ati angel tambanane
(Dori Lub, psikater Yale University)
Sa        Sing ana kuwi sukarelawati lan sukarelawan, sing gelem dadi korban ora ana
(Dr. Robert Anthony)
Wa       Wis ndungkap wancine wong Amerika dadi bendera utawa dadi batur
(George Washington)
La        Lumrahe bae dhuwit kuwi kanggo dagang, ora kanggo amal
(Paul Getty)
Pa        Peranganing awakmu iku kanca raket lan satuhu
(Mutiara Hikmah 264:1657)
Dha     Dhiri pribadhiku dadi kanca dhiri pribadhiku
(J. Roger lan P. Mc. Wiliams)
Ja         Jiwane asor mula seneng murka
(Mahatma Gandhi, 1869-1948)
Ya       Yen pinuju mangan, televisimu patenana
(Robert J. Schuller)
Nya     Nyata, sedhih susah padha lunga, seneng bungah padha teka
(Paribasan Arab)
Ma       Mangretia, alam luwih ngedab-edabi katimbang seni
(Paribasan Latin)
Asline, natura potentior arte
Ga       Gelem lan temen, kuwi wigati banget
(Fisca Annisa Parhan)
Ba        Bandha kadonyan ora bisa mbedakake bener lan lupute
(Muhammad Subuh)
Tha      Thukul tresnane, thukul sekabehane
(Iman lan Taqwa)
Nga     Ngati-ati, obral kuwi kancane obrol
(Sale)