I.
Ing ngisor iki ana wangsulan kang bener, pilihen!
1. Cacahing
wandha (suku kata) saben sagatra jenenge ...
a. Guru
gatra d.
Guru sastra
b. Guru
lagu e.
Guru
c. Guru
wilangan
2. Jinis
geguritan jawa kang ditembangake jenenge ...
a. Macapat d.
Dangdut
b. Dolanan
e.
POP
c. Campusari
3. Tibaning
swara ing pungkasaning gatra jenenge ...
a. Guru
gatra d.
Guru sastra
b. Guru
lagu e.
Guru
c. Guru
wilangan
4. Neng
ngisor iki kang kalebu jinis tembang macapat, kajaba ...
a. Asmaradana d.
Gambang suling
b. Dhandanggula
e.
Sinom
c. Megatruh
5. Cacahing
gatra saben sapadha jenenge ...
a. Guru
gatra d.
Guru sastra
b. Guru
lagu e.
Guru
c. Guru
wilangan
6. Urutan
kadadeyan crita jenenge ...
a. Alur d.
Sudut pandang
b. Amanat e.
Paraga (tokoh)
c. Latar
7. Babagan
papan, wektu, lan swasana jenenge ...
a. Alur
d.
Paraga
b. Amanat e.
Sudut pandang
c. Latar
8. Piwulang
utawa pesen luhur kang diandhut ing crita jenenge ...
a. Amanat
d.
Paraga
b. Gaya
basa e.
Sudut pandang
c. Latar
9. Idhe
baku utawa gagasan baku saka crita jenenge ...
a. Amanat
d.
Tema
b. Latar e. Sudut pandang
c. Paraga
10. Gegayutan
karo basa kang digunakake ing crita jenenge ...
a. Alur
d.
Paraga
b. Amanat e.
Tema
c. Gaya
basa
Wacanen
cerkak neng ngisor iki!
Guru Kula Rumiyin
Guru,
digugu lan ditiru. Amargi pancen saking ageng wibawanipun guru, pramila boten
gumunaken menawi wibawanipun guru, pramila boten gumunaken menawi guru paraga
(tokoh) ingkang saged dipun gugu saha dipuntiru.
Guru
saged dipun gugu saha dipuntiru boten dumagi ngaten kemawon, nanging sampun
nglampahi proses ingkang sampun dangu dipunlampahi dening para guru. Guru
rikala semanten pancen dados paran pitakenan, guru tansah dipunanggep saged
mangertos, aargi rikala semanten dados guru boten saben tiyang saged. Kajawi
kedah pinter, guru gadhah daya linangkung ketimbang tiyang limrah., lan
sasapunipun dados guru biyasanipun para guru rikala semanten pancen saged jagi
kawibawanipun kanthi solah bawa ingkang ajek lan luhur budhinipun.
Kula
lan panjenengan taksih kemutan rikala taksih SD rumiyin ing antawisipun warsa
pitungdasanan (70an), wonten lelagon ingkang syairipun kados mekaten:
Siji loro telu
Astane sedheku
Mirengake pak guru menawa didangu
Papat nuli lima
Lenggahe ditata
Aja padha sembrana mundhak ora bisa
Syair
lelagon menika paring pitutur ingkang becik. Pancen rikala semanten saben
wonten Bapak utawi Ibu guru mlebet dhateng kelas, sedaya murid sami cep klakep
mendel sedaya boten wonten satunggal-satunggala murid ingkang wanton gineman
menapa malih crita piyambak kalih kancanipun.
11. Kang dadi temane wacan ing dhuwur yaiku . . . .
a. Unggah-ungguh lan tata karma
b. Panguripan ing ngalam donya
c. Kasusastran
d. Kabudayan
e. Piwulang kang becik
12. Wos surasane (isi pembuka) paragraph kapisan . . . .
a. Guru digugu lan ditiru d.
guru ingkang gumunaken
b. Kawibawanipun guru e.
paraga (tokoh) ingkang saged dipuntiru
c. Paraganipun guru
13. Ukara bakune paragraph kaping papat yaiku . . . .
a. Syair lelagon ingkang paring pitutur becik
b. Rikala semanten bapak ibu guru taksih wibawa
c. Boten wonten murid ingkang wanton rembagan
d. Sedaya cep klakep rikala bapak ibu guru mlebet kelas
e. Bapak ibu guru rikala mlebet dhateng kelas
14. Kang dadi wos surasane (isi pambuka) lelagon (syair
lagu) ing dhuwur yaiku . . . .
a. Maringi pangertosan etung-etungan
b. Lare-lare wonten ing kelas kedah sedhakep
c. Lare-lare kedah mendel (meneng) menawi guru ngendhikan
d. Nedahaken lamun guru menika kedah dipunurmati
e. Menawi wonten nglebet kelas kedah kendel supados mudheng
15. Tata carane nuli sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba (kecuali) . . . .
a. Nyathet gagasan utama
b. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama
gunakake ukara kang efektif lan kawigaten (perhatian), sabanjure karakit dadi
karangan cekak kang gabarake karangan asline
c. Dhialog lan monolog tokoh cukup tinulis isi pokoke
d. Ringkesan/sinopsis ora kena nyebal saka crita asline
e. Katulis kanthi komplit
16. Pagertosan babagan sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba (kecuali) . . . .
a. Tulisan kang ngemot dudutan sawijining crita kang
katulis gunakake ukara-ukara kang prasaja (apik)
b. Kudu langsung nyritakake babagan buku kang dadi
klimaks saka alur crita
c. Ora ngrembuk nglambrang kalebu karaktere tokoh apadene
latar crita
d. Bisa crita babagan panemu pribadhi
e. Gunakake basa kang prasaja, gampang dipahami
17. Nilai kang ana sambungane tumindak kang percaya anane
Gusti, pengalamn agama, lan sapiturute, yaiku . . . .
a. Nilai religius/keagamaan
utawa nilai ketuhanan
b. Nilai budhaya utawa kultur
c. Nilai etika
d. Nilai sosial
e. Nilai estetika (kaendahan)
18. Miturut undha usuking basa Jawa, panggonane basa krama
inggil yaiku . . . .
a. Bocah arang bocah
b. Bocah marang wong tuwa
c. Wong tuwa marang bocah
d. Wong tuwa marang wong tuwa
e. Sapantaran
19. Nalika Bapakku tindak ing acara reuni ngendikane keteu
karo kanca-kanca lawas. Ing kana kabeh padha ngudarasa lan crita pengalamn
pribadhi. Sing paling nengsemake pengalaman nalika isih kekancan ing SMA. Basa
kang trep digunakake Bapakku karo kancane nalika crita, yaiku . . . .
a. Ngoko d.
krama inggil
b. Ngoko alus e.
krama madya
c. Karma
20. Bapak lagi wae . . . . bensin neng pom, kebenaran aku
durung sida . . . . Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut, yaiku .
. . .
a. Tuku, tuku d.
tumbas, tuku
b. Mundhut, mundhut e.
mundhut, tuku
c. Tumbas, mundhut
21. “Mas, sampeyan aturi Pakdhe kapurih ngati-ati menawi
wonten margi ageng”. Basa kang
digunakake ing ukara kasebut, yaiku . . . .
a.
Ngoko lugu d.
krama inggil
b.
Ngoko alus e.
krama ngandhap
c.
Krama
22. Sawenehe warta kang asipat katrangan, kabar, pawarta,
lan sapanunggale diarani . . . .
a.
Informasi d.
karangan
b.
Dhenah E.
geguritan
c.
Dhata
23. Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing
ngisor iki, yaiku . . . .
a. Gawe tentrem
b. Tinemu ing akal (penalaran logis)
c. Infomasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H
d. Struktur basa trep
e. Diksi trep ora ambigu
24. Unsur-unsur pawarta kang paling penting yaiku . . . .
a. Fakta lan dhata kadadeyan
b. Sebab-sebab kadadeyan
c. Cara ngrampungake kaadeyan
d. Dhata kang ora ketok
e. Reporter kang mumpuni
Pawarta
1
Tari Dholak kalebu dolanan bocah kang bisa
tinemu ing Kabupaten Purworejo. Dholak saka tembung ‘dhol’ lan ‘la’. Ing jaman
kunane karepe jogged iki kairing mung rong titi laras dho lan la. Saiki tarian
iki kairing alat musik modern. Kayata keyboard,
lan lagu-lagune saiki luwih variatif. Penari Dholalak ing jaman kunane
ditindakake wong lanang kanthi seragam ireng lan clana cekak, kaya adhate
bocah.
Saiki sing joged ora mung wong lanang,
ananging uga ana para remaja putri kanthi seragam sing variasi. Para penari
bisa dadi (kesurupan) kanthi tingkah sing aneh-aneh. Tarian dholalak kalebu
tarian pasrawungan remaja. Sing duweni karep nyenyubur rasa solidaritas lan
paseduluran. Mula dholalak wajib dilestarikake lan dirembakakake amarga
ngandhut nilai-nilai kearifan local kang ana ing tlatah Purworejo.
Kapethik saking: penelitian doyin Unnes
25. Tari Dholalak iku kasenian asli saka . . . .
a. Semarang d.
Yogyakarta
b. Rembang e.
Surakarta
c. Purworejo
26. Kaperang saka tembung apa Dholalak iku . . . .
a. ‘dhol’ lan ‘lak’ d.
‘lak’ lan ‘dhol’
b. ‘dho’ lan ‘lak’ e. ‘dho’ lan
‘la’
c. ‘dhol’ lan ‘la’
27. Kepiye nasibe kesenian Dholalak ing wektu saiki . . .
.
a. Mrihatinke
b. Entuk kawigaten
c. Bocah enom saiki seneng marang dholalak
d. Bocah enom saiki wis ora pati seneng marang Dholalak
e. Dholalak mujudake kesenian sing wis kuna tumrape
generasi saiki
28. Kang bisa kapethik saka kesenian Dholalak yaiku . . .
.
a. Bisa nyenyubur semangat paseduluran lan solidharitas
b. Dadikake pasulayan (ora semangat) ana sajroning
bebrayan
c. Nuwuhake (menumbuhkan) rasa egois kedhaerahan
d. Nuwuhake rasa pengen menange dhewe
e. Nuwuhake rasa panalangsa
Gatekna tuladha tembang jawa neng ngisor iki!
Manungsa wajib sembahyang
Ora lali sodaqahe lan ngaji
Marang sesama mitulung
Lan aja lali sabar
Kaya ngono urip sing mesti dituju
Neng donya kanggo akherat
Kabeh mau kuwi apik
29. Guru gatra saka tembang jawa neng dhuwur yaiku . . . .
a. 10 d.
7
b. 12 e.
9
c. 8
30. Guru wilangan saka tembang jawa neng dhuwur yaiku . .
. .
a. 8, 9, 8, 7, 6, 6, 12 d.
7, 8, 9, 12, 11, 8, 6
b. 9, 7, 12, 7, 8, 9, 11 e.
9, 7, 8, 10, 11, 7, 12
c. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
II.
Wangsulana
pitakonan neng ngisor iki kanthi patitis!
a.
Gatekna
tuladha tembang pangkur neng ngisor iki!
PANGKUR
Manungsa wajib
sembahyang
Ora lali sodaqahe lan
ngaji
Marang sesama mitulung
Lan aja lali sabar
Kaya ngono urip sing
mesti dituju
Neng donya kanggo
akherat
Kabeh mau kuwi apik
1. Saka
tuladha tembang pangkur neng dhuwur, coba golekana guru gatrane!
2. Saka
tuladha tembang pangkur neng dhuwur, coba golekana guru lagune!
3. Saka
tuladha tembang pangkur neng dhuwur, coba golekana guru wilangane!
b.
Gatekna
petikan crita cekak neng ngisor iki!
Gara-Gara
ora Manut
“Agus ... boten
pareng udan-udan lho nggih. Apa maneh bal-balan neng lapangan karo
kanca-kancamu Joko lan Doni kae, mengko mundhak masuk angin.” Marni, Ibune Agus
kayane wis pirsa apa sing ana ing njero atine Agus.
“Ibu ... Ibuu
...”Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune sing nembe ing mburi
age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare Agus.
“Woooo... genah
iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu mau. Ya ngene iki
under-underane yen ra manut marang wong tuwa.”
4. Saka
petikan crita cekak neng dhuwur, coba golekana unsur intrinsikke! Jlentrehna!