Translate

Selasa, 21 November 2017

SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER KELAS X SMA

I.       Ing ngisor iki ana wangsulan kang bener, pilihen!
1.      Cacahing wandha (suku kata) saben sagatra jenenge ...
a.       Guru gatra                                           d. Guru sastra
b.      Guru lagu                                            e. Guru
c.       Guru wilangan
2.      Jinis geguritan jawa kang ditembangake jenenge ...
a.       Macapat                                              d. Dangdut
b.      Dolanan                                               e. POP
c.       Campusari
3.      Tibaning swara ing pungkasaning gatra jenenge ...
a.       Guru gatra                                           d. Guru sastra
b.      Guru lagu                                            e. Guru
c.       Guru wilangan
4.      Neng ngisor iki kang kalebu jinis tembang macapat, kajaba ...
a.       Asmaradana                                        d. Gambang suling
b.      Dhandanggula                                     e. Sinom
c.       Megatruh
5.      Cacahing gatra saben sapadha jenenge ...
a.       Guru gatra                                           d. Guru sastra
b.      Guru lagu                                            e. Guru
c.       Guru wilangan
6.      Urutan kadadeyan crita jenenge ...
a.       Alur                                                     d. Sudut pandang
b.      Amanat                                               e. Paraga (tokoh)
c.       Latar
7.      Babagan papan, wektu, lan swasana jenenge ...
a.       Alur                                                     d. Paraga
b.      Amanat                                               e. Sudut pandang
c.       Latar
8.      Piwulang utawa pesen luhur kang diandhut ing crita jenenge ...
a.       Amanat                                               d. Paraga
b.      Gaya basa                                            e. Sudut pandang
c.       Latar
9.      Idhe baku utawa gagasan baku saka crita jenenge ...
a.       Amanat                                               d. Tema
b.      Latar                                                    e.  Sudut pandang
c.       Paraga
10.  Gegayutan karo basa kang digunakake ing crita jenenge ...
a.       Alur                                                     d. Paraga
b.      Amanat                                               e. Tema
c.       Gaya basa
Wacanen cerkak neng ngisor iki!
Guru Kula Rumiyin
Guru, digugu lan ditiru. Amargi pancen saking ageng wibawanipun guru, pramila boten gumunaken menawi wibawanipun guru, pramila boten gumunaken menawi guru paraga (tokoh) ingkang saged dipun gugu saha dipuntiru.
Guru saged dipun gugu saha dipuntiru boten dumagi ngaten kemawon, nanging sampun nglampahi proses ingkang sampun dangu dipunlampahi dening para guru. Guru rikala semanten pancen dados paran pitakenan, guru tansah dipunanggep saged mangertos, aargi rikala semanten dados guru boten saben tiyang saged. Kajawi kedah pinter, guru gadhah daya linangkung ketimbang tiyang limrah., lan sasapunipun dados guru biyasanipun para guru rikala semanten pancen saged jagi kawibawanipun kanthi solah bawa ingkang ajek lan  luhur budhinipun.
Kula lan panjenengan taksih kemutan rikala taksih SD rumiyin ing antawisipun warsa pitungdasanan (70an), wonten lelagon ingkang syairipun kados mekaten:
Siji loro telu
Astane sedheku
Mirengake pak guru menawa didangu
Papat nuli lima
Lenggahe ditata
Aja padha sembrana mundhak ora bisa

Syair lelagon menika paring pitutur ingkang becik. Pancen rikala semanten saben wonten Bapak utawi Ibu guru mlebet dhateng kelas, sedaya murid sami cep klakep mendel sedaya boten wonten satunggal-satunggala murid ingkang wanton gineman menapa malih crita piyambak kalih kancanipun.
11.  Kang dadi temane wacan ing dhuwur yaiku . . . .
a.       Unggah-ungguh lan tata karma
b.      Panguripan ing ngalam donya
c.       Kasusastran
d.      Kabudayan
e.       Piwulang kang becik
12.  Wos surasane (isi pembuka) paragraph kapisan . . . .
a.       Guru digugu lan ditiru                                    d. guru ingkang gumunaken
b.      Kawibawanipun guru                          e. paraga (tokoh) ingkang saged dipuntiru
c.       Paraganipun guru
13.  Ukara bakune paragraph kaping papat yaiku . . . .
a.       Syair lelagon ingkang paring pitutur becik
b.      Rikala semanten bapak ibu guru taksih wibawa
c.       Boten wonten murid ingkang wanton rembagan
d.      Sedaya cep klakep rikala bapak ibu guru mlebet kelas
e.       Bapak ibu guru rikala mlebet dhateng kelas
14.  Kang dadi wos surasane (isi pambuka) lelagon (syair lagu) ing dhuwur yaiku . . . .
a.       Maringi pangertosan etung-etungan
b.      Lare-lare wonten ing kelas kedah sedhakep
c.       Lare-lare kedah mendel (meneng) menawi guru ngendhikan
d.      Nedahaken lamun guru menika kedah dipunurmati
e.       Menawi wonten nglebet kelas kedah kendel supados mudheng
15.  Tata carane nuli sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba (kecuali) . . . .
a.       Nyathet gagasan utama
b.      Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama gunakake ukara kang efektif lan kawigaten (perhatian), sabanjure karakit dadi karangan cekak kang gabarake karangan asline
c.       Dhialog lan monolog tokoh cukup tinulis isi pokoke
d.      Ringkesan/sinopsis ora kena nyebal saka crita asline
e.       Katulis kanthi komplit
16.  Pagertosan babagan sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba (kecuali) . . . .
a.       Tulisan kang ngemot dudutan sawijining crita kang katulis gunakake ukara-ukara kang prasaja (apik)
b.      Kudu langsung nyritakake babagan buku kang dadi klimaks saka alur crita
c.       Ora ngrembuk nglambrang kalebu karaktere tokoh apadene latar crita
d.      Bisa crita babagan panemu pribadhi
e.       Gunakake basa kang prasaja, gampang dipahami
17.  Nilai kang ana sambungane tumindak kang percaya anane Gusti, pengalamn agama, lan sapiturute, yaiku . . . .
a.       Nilai religius/keagamaan utawa nilai ketuhanan
b.      Nilai budhaya utawa kultur
c.       Nilai etika
d.      Nilai sosial
e.       Nilai estetika (kaendahan)
18.  Miturut undha usuking basa Jawa, panggonane basa krama inggil yaiku . . . .
a.       Bocah arang bocah
b.      Bocah marang wong tuwa
c.       Wong tuwa marang bocah
d.      Wong tuwa marang wong tuwa
e.       Sapantaran
19.  Nalika Bapakku tindak ing acara reuni ngendikane keteu karo kanca-kanca lawas. Ing kana kabeh padha ngudarasa lan crita pengalamn pribadhi. Sing paling nengsemake pengalaman nalika isih kekancan ing SMA. Basa kang trep digunakake Bapakku karo kancane nalika crita, yaiku . . . .
a.       Ngoko                                                 d. krama inggil
b.      Ngoko alus                                          e. krama madya
c.       Karma
20.  Bapak lagi wae . . . . bensin neng pom, kebenaran aku durung sida . . . . Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut, yaiku . . . .
a.       Tuku, tuku                                           d. tumbas, tuku
b.      Mundhut, mundhut                             e. mundhut, tuku
c.       Tumbas, mundhut
21.   “Mas, sampeyan aturi Pakdhe kapurih ngati-ati menawi wonten margi ageng”. Basa kang digunakake ing ukara kasebut, yaiku . . . .
a.       Ngoko lugu                                         d. krama inggil
b.      Ngoko alus                                          e. krama ngandhap
c.       Krama
22.  Sawenehe warta kang asipat katrangan, kabar, pawarta, lan sapanunggale diarani . . . .
a.       Informasi                                             d. karangan
b.      Dhenah                                                E. geguritan
c.       Dhata
23.  Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki, yaiku . . . .
a.       Gawe tentrem
b.      Tinemu ing akal (penalaran logis)
c.       Infomasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H
d.      Struktur basa trep
e.       Diksi trep ora ambigu
24.  Unsur-unsur pawarta kang paling penting yaiku . . . .
a.       Fakta lan dhata kadadeyan                            
b.      Sebab-sebab kadadeyan                                 
c.       Cara ngrampungake kaadeyan
d.      Dhata kang ora ketok
e.       Reporter kang mumpuni

Pawarta 1
      Tari Dholak kalebu dolanan bocah kang bisa tinemu ing Kabupaten Purworejo. Dholak saka tembung ‘dhol’ lan ‘la’. Ing jaman kunane karepe jogged iki kairing mung rong titi laras dho lan la. Saiki tarian iki kairing alat musik modern. Kayata keyboard, lan lagu-lagune saiki luwih variatif. Penari Dholalak ing jaman kunane ditindakake wong lanang kanthi seragam ireng lan clana cekak, kaya adhate bocah.
      Saiki sing joged ora mung wong lanang, ananging uga ana para remaja putri kanthi seragam sing variasi. Para penari bisa dadi (kesurupan) kanthi tingkah sing aneh-aneh. Tarian dholalak kalebu tarian pasrawungan remaja. Sing duweni karep nyenyubur rasa solidaritas lan paseduluran. Mula dholalak wajib dilestarikake lan dirembakakake amarga ngandhut nilai-nilai kearifan local kang ana ing tlatah Purworejo.
Kapethik saking: penelitian doyin Unnes

25.  Tari Dholalak iku kasenian asli saka . . . .
a.       Semarang                                            d. Yogyakarta
b.      Rembang                                             e. Surakarta
c.       Purworejo
26.  Kaperang saka tembung apa Dholalak iku . . . .
a.       ‘dhol’ lan ‘lak’                                    d. ‘lak’ lan ‘dhol’
b.      ‘dho’ lan ‘lak’                                     e. ‘dho’ lan ‘la’
c.       ‘dhol’ lan ‘la’
27.  Kepiye nasibe kesenian Dholalak ing wektu saiki . . . .
a.       Mrihatinke
b.      Entuk kawigaten
c.       Bocah enom saiki seneng marang dholalak
d.      Bocah enom saiki wis ora pati seneng marang Dholalak
e.       Dholalak mujudake kesenian sing wis kuna tumrape generasi saiki
28.  Kang bisa kapethik saka kesenian Dholalak yaiku . . . .
a.       Bisa nyenyubur semangat paseduluran lan solidharitas
b.      Dadikake pasulayan (ora semangat) ana sajroning bebrayan
c.       Nuwuhake (menumbuhkan) rasa egois kedhaerahan
d.      Nuwuhake rasa pengen menange dhewe
e.       Nuwuhake rasa panalangsa
Gatekna tuladha tembang jawa neng ngisor iki!
Manungsa wajib sembahyang
Ora lali sodaqahe lan ngaji
Marang sesama mitulung
Lan aja lali sabar
Kaya ngono urip sing mesti dituju
Neng donya kanggo akherat
Kabeh mau kuwi apik
29.  Guru gatra saka tembang jawa neng dhuwur yaiku . . . .
a.       10                                                        d. 7
b.      12                                                        e. 9
c.       8
30.  Guru wilangan saka tembang jawa neng dhuwur yaiku . . . .
a.       8, 9, 8, 7, 6, 6, 12                                d. 7, 8, 9, 12, 11, 8, 6
b.      9, 7, 12, 7, 8, 9, 11                              e. 9, 7, 8, 10, 11, 7, 12
c.       8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

II.    Wangsulana pitakonan neng ngisor iki kanthi patitis!
a.        Gatekna tuladha tembang pangkur neng ngisor iki!
PANGKUR
Manungsa wajib sembahyang
Ora lali sodaqahe lan ngaji
Marang sesama mitulung
Lan aja lali sabar
Kaya ngono urip sing mesti dituju
Neng donya kanggo akherat
Kabeh mau kuwi apik
1.      Saka tuladha tembang pangkur neng dhuwur, coba golekana guru gatrane!
2.      Saka tuladha tembang pangkur neng dhuwur, coba golekana guru lagune!
3.      Saka tuladha tembang pangkur neng dhuwur, coba golekana guru wilangane!
b.        Gatekna petikan crita cekak neng ngisor iki!
Gara-Gara ora Manut
“Agus ... boten pareng udan-udan lho nggih. Apa maneh bal-balan neng lapangan karo kanca-kancamu Joko lan Doni kae, mengko mundhak masuk angin.” Marni, Ibune Agus kayane wis pirsa apa sing ana ing njero atine Agus.
“Ibu ... Ibuu ...”Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune sing nembe ing mburi age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare Agus.
“Woooo... genah iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu mau. Ya ngene iki under-underane yen ra manut marang wong tuwa.”
4.      Saka petikan crita cekak neng dhuwur, coba golekana unsur intrinsikke! Jlentrehna!
5.      Saka petikan crita cekak neng dhuwur, coba golekana unsur ekstrinsikke! Jlentrehna!

~Sugeng Makarya~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar