Translate

Senin, 06 April 2015

PAWARTA BASA JAWA (BERITA BAHASA JAWA)


PAWARTA (BERITA)
Warta ing Kamus Basa Jawa (2001) tegese kabar. Warta yaiku informasi utawa kabar anyar utawa kabar ngenani bab lan sawijning kadadeyan kang lagi wae ana. Warta dikabarake liwat wujud medhia cetak, siyaran utawa medhia elektronik, internet lan saka guneman wong siji marang liyane. Wong kang golek warta lan nulis warta kasebut wartawan.
Televisi umume nduwe acara warta amargi warta iku penting tumrap masarakat. Anane siyaran warta bisa gawe masarakat ngerti kadadeyan-kadadeyan ing ngendi-endi. Saliyane iku, uga bisa kanggo pangeling supaya waspada, contone warta ngenani akehe maling lan wong culika ing jaman saiki. Isih akeh gunane warta tumrap wong urip bebrayan. Mula, ayo padha nggatekake lan nyimak warta!
Perangane pawarta iku bisa karngkum dadi 5W + 1 H, yaiku kay mangkene:
What   : kadadeyan apa sing diwartakake utawa dikabarake?
Who    : sapa sing terlibat ing kakadeyan iku?
Whe     : kapan kadadeyan ing warta iku?
Where : ing endi kadadeyane?
Why    : geneya bisa kadadeyan kang mangkana?
How    : kepriye kadadeyane?
Sumber: Yatmana, Sudi dkk. 2012. Kabeh Seneng Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.
 

Tuladha pawarta
Lawang Sewu
Ing kutha Semarang, akeh panggonan kang nengsemake kanggo plesiran sakeluarga. Kutha Semarang kang dadi ibukotane Propinsi Jawa Tengah kalebu kutha gedhe ing Indnesi. Semarang awujud kutha gedhe kawit saka jaman pamrintahan penjajah Belanda, buktine yaiku kantor pusate perusahaan keta api (trem) Belanda ana ing kutha iki. Kantor pusat Nederlandsch Indishe Spoorweg Naatschappij utawa kasebut NIS iki manggon ing sawijining gedhung megah arsitektur Belanda. Kang ngrancang bangunan iku arsitek saka Belanda yaiku Prof. Jacob F Kalinkhamer lan B.J Queendag. Gedhung iki dening warga Semarang kasebut gedhung Lawang Sewu amarga duweni lawang kang cacahe sewu.
Ora angel nggoleki lokasi gedhung tuwa iki amarga panggonane cedhak cedhak karo Monumen Tugu Muda lan dadi salah sijine sudhut kutha Semarang. Gedhung kuna iki miturut catehetan sejarah dibangun wektu taun 1903 lan diresmikake tanggal 1 Juli 1907.
Bangunan kuno iki sawise kemerdekaan dadi Kantor Jawatan Kereta Api Indonesia. Kantor Kodam IV/Diponegoro lan uga dadi kantor Wilayah Departemen Perhubungan Jawa Tengah.
Lawang Sewu dadi lokasi pertempuran antarane pemuda AMKA karo Kompetai Kido Buati Jepang. Amarga iku, Pamarintah Kota Semarang nglebakake Lawang Sewu dadi salah siji bangunan kuna utawa sejarah kang dilindungi.
Kasadur saka: www.freshwell.com
Sumber: Yatmana, Sudi dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.