PAWARTA (BERITA)
Warta
ing Kamus Basa Jawa (2001) tegese kabar. Warta yaiku informasi utawa kabar
anyar utawa kabar ngenani bab lan sawijning kadadeyan kang lagi wae ana. Warta
dikabarake liwat wujud medhia cetak, siyaran utawa medhia elektronik, internet
lan saka guneman wong siji marang liyane. Wong kang golek warta lan nulis warta
kasebut wartawan.
Televisi
umume nduwe acara warta amargi warta iku penting tumrap masarakat. Anane
siyaran warta bisa gawe masarakat ngerti kadadeyan-kadadeyan ing ngendi-endi.
Saliyane iku, uga bisa kanggo pangeling supaya waspada, contone warta ngenani
akehe maling lan wong culika ing jaman saiki. Isih akeh gunane warta tumrap
wong urip bebrayan. Mula, ayo padha nggatekake lan nyimak warta!
Perangane
pawarta iku bisa karngkum dadi 5W + 1 H, yaiku kay mangkene:
What : kadadeyan apa sing
diwartakake utawa dikabarake?
Who : sapa sing terlibat ing kakadeyan iku?
Whe : kapan kadadeyan ing warta iku?
Where
: ing endi kadadeyane?
Why
: geneya bisa kadadeyan kang mangkana?
How
: kepriye kadadeyane?
Sumber:
Yatmana, Sudi dkk. 2012. Kabeh Seneng Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.
Tuladha pawarta
Lawang Sewu
Ing
kutha Semarang, akeh panggonan kang nengsemake kanggo plesiran sakeluarga.
Kutha Semarang kang dadi ibukotane Propinsi Jawa Tengah kalebu kutha gedhe ing
Indnesi. Semarang awujud kutha gedhe kawit saka jaman pamrintahan penjajah
Belanda, buktine yaiku kantor pusate perusahaan keta api (trem) Belanda ana ing
kutha iki. Kantor pusat Nederlandsch Indishe Spoorweg Naatschappij utawa
kasebut NIS iki manggon ing sawijining gedhung megah arsitektur Belanda. Kang
ngrancang bangunan iku arsitek saka Belanda yaiku Prof. Jacob F Kalinkhamer lan
B.J Queendag. Gedhung iki dening warga Semarang kasebut gedhung Lawang Sewu
amarga duweni lawang kang cacahe sewu.
Ora
angel nggoleki lokasi gedhung tuwa iki amarga panggonane cedhak cedhak karo
Monumen Tugu Muda lan dadi salah sijine sudhut kutha Semarang. Gedhung kuna iki
miturut catehetan sejarah dibangun wektu taun 1903 lan diresmikake tanggal 1
Juli 1907.
Bangunan
kuno iki sawise kemerdekaan dadi
Kantor Jawatan Kereta Api Indonesia. Kantor Kodam IV/Diponegoro lan uga dadi
kantor Wilayah Departemen Perhubungan Jawa Tengah.
Lawang
Sewu dadi lokasi pertempuran antarane pemuda AMKA karo Kompetai Kido Buati
Jepang. Amarga iku, Pamarintah Kota Semarang nglebakake Lawang Sewu dadi salah
siji bangunan kuna utawa sejarah kang dilindungi.
Kasadur
saka: www.freshwell.com
Sumber:
Yatmana, Sudi dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar