Translate

Sabtu, 27 Desember 2014

Sinau Filsafat Jawa (SANEM~Sa Cacahe Nem)



SANEM
(Sa Cacahe Nem)

Sanem kuwi kalebu intisara wewarah utawa ajarane Ki Ageng Suryamentaram, 1892-1962). Dene jlentreh sarta babarane kasebut sajroning tulisan iki. Ki Ageng kuwi kondhang. Kondang ing babagan kawruh, kajiwan utawa kawruh jiwa. Luwih kondhang maneh kawruh kuwi kang diarani kawruh beja. Sing nggilut sinau lan nyinau kawruh beja kuwi akeh. Ing taun 1965 dianakke konggres utawa isitilahe junggring salaka agung kawruh jiwa Suryamentaram ana ing Semarang. Dene sadurunge kuwi, ing taun 1953 uga dianakake ing Magelang. Sadurunge, ing taun 1937 dianakake ing Yogyakarta, lan ana ing Sale taun 1932.
Ing taun 1979 Idayu Press, Jakarta, mbabar pustaka Wejangan Pokok Ilmu Bahagia lan Ilmu Jiwa Kramadangsa, loro-lorone alih basa saka basa Jawa garapane Ki Oto Suastika. Inti Indayu Press dhek taun 1985 ngetkake buku Ajaran-Ajaran Ki Ageng Suryamentaram kagarap saka basa Jawa dening Ki Grangsang Suryamentaram, Ki Oto Suastika lan Ki Atmasentana. Nalika taun 2002 Grasindo nerbitake Falsafah Hidup Bahagia jilid 1 lan taun candhake kang jilid 2. Sakawit irah-irahe Filsafat Hidup Bahagia. Darmanto Yatman ngrembug ajarane Ki Ageng ing bukune Psikologi Jawa, weton Bentang Yogyakarta 1977. Malah banjur diganepi Psikologi Jawa Jangkep weton Limpad Semarang taun 2004.
Dadi pranyata menawa ajarane Ki Ageng kuwi antuk kawigaten sarta sumrambah ing bebrayan agung.
Aku entuk fotokopi notulen Sesorah Wejangan Kawruh Begja Sawetah saka Sentral Panitya Windu Kencana Surabaya katitimangsan 1 Maret 1936. Wejangan kasebut ana 4 perangan. Siji-sijine daksrapat dakjupuk sari-sarine kapratelakake ng ngior iki.
Perangan 1 Bab Bungah Susah
Ing salumahing bumi sakurebing langit iki ora ana barang kang pantes diaya-aya, digoleki kanthi mbangeti. Uga ora ana kang pantes diceri-ceri, ditampik babar blas. Wong ngaya kuwi ateges golek samubarang. Wong nyeri kuwi ateges nampik samubarang. Kang diaya digoleki kuwi ora gawe susah utawa cilaka ing selawase. Kang diceri ditampik kuwi ora gawe susah utawa cilaka ung salawase. Yen karepku klakokn mesthi bungah utawa begja, yen karepku ora klakon mesthi susah utawa cilaka. Panemu mangkono kuwi genah yen kleru. Karep sapirang-pirang bisa klakon ya ora bungah utawa begja. Bungaha utawa begjaa ya mung sedhela, banjur bungah utawa begja maneh. Wose, bungah susah kuwi ora ajeg. Saiki bungah, suwe-suwe susah. Saiki susah, suwe-suwe bungah.
Perangan 2 Bab Tentrem
Mari lan umuk njalari ora tentrem. Meri kuwi rumangsa kalah karo wong liya. Dene umuk kuwi rumangsa meneng karo wong liya. Urip kuwi anane sok kalah sok menang. Yen kuwi tansah dielingi banjur bisa tentrem. Meri lan umuk nuli kepengin ngungkuli liyan ing babagan pangan, sandhang, papa, bojo, anak, kasugihan, kapinteran lan apa bae. Kamangka wong liya ya kepengin ngungkuli. Dadi ora prelu ungkul-ungkulan. Kudu eling kala-kala ngungkuli, kala-kala diungkuli. Yen mangkono bisa tentrem. Ora meri ora umuk ora kepengen ngungkuli. Anane apa anane, prayogane apa bae sakepenake, sabutuhe, saprelune, sacukupe, samesthine lan sabenere. Yakuwi kang aran sacacahe utawa sanem.
Perangan 3 Bab Tatag
Pancen manungsa kuwi isih karep. Karep kuwi langgeng, biyen ya wis ana, saiki ana, besuk ya tetep ana. Nalika bumi lan langit durung ana, karep wis ana. Besuk yen manungsa mati, rag rusak, karep ya isih ana. Besuk yen bumi lan langit wi ora ana, karep isih ana. Karep kuwi tanpa wiwitan tanpa wekasan. Karep kuwi langgeng. Mula ora prelu getun. Getun kuwi kuwatir utawa wedi marang kang wis klakon. Ora prelu sumelang. Sumelang iku kuwatir utawa wei kang durung klakon. Yen luwar saka naraka getun, naraka sumelang, tumuli mlebu swarga tatag. Dadi wong sugih, tatag. Dadi wong mlarat, tatag. Dadi ratu tata. Dadi kuli iya tatag.
Perangan Bab 4 Beja
Yen bisa apa anane, banjur bisa nyawang. Nyawang karepe dhewe. Nyawang karepe dhewe iku langgeng, langgeng beja. Beja langgeng. Ing papan ngendi wae beja. Ing wektu apa wae beja. Ing swasana apa wae beja. Kepriye wae beja. Yakuwin kang aran kawruh beja.

(Sumber: Yatmana, Sudi. 2011. Céprétan Filsafat Jawa. Surakarta: Pusat Lembaga Kabudayan Jawi. Hal: 16-18.)

Minggu, 21 Desember 2014

SINAU BUDHI PAKARTI NGANGGO AKSARA JAWA DENTAWYANJANA UTAWA HANACARAKA (LELIMBANGAN 1)



BUDHI PEKERTI
(Pangracik Sudi Yatmana)
Ha        Amarga ana wektu, awakke dhewe iki bisa nerusake urip
(Tarthang Tuklu)
Na        Nadyan sembranan, aja natoni atining liyan
(Horatius)
Asline, nec lusisse pudet, sed non incidere
Ca        Carane Allah nylamur ngejawentah ora kanyana ora kini
(Doris Lessing)
Ra        Rasak-rasakna, mati kuwi peranganing urip
(Ramayana)
Ka       Kang dingendikakakelan ditindakake dening guru kuwi kalebu kabudayan
(Anton L. Wartawan)
Da       Diutus Allah aku mligi kanggo gawe sampurnaning nudi luhurmu
(HR Bukhari, Al Hkim lan Al Baihaqi)
Ta        Tatuning ati angel tambanane
(Dori Lub, psikater Yale University)
Sa        Sing ana kuwi sukarelawati lan sukarelawan, sing gelem dadi korban ora ana
(Dr. Robert Anthony)
Wa       Wis ndungkap wancine wong Amerika dadi bendera utawa dadi batur
(George Washington)
La        Lumrahe bae dhuwit kuwi kanggo dagang, ora kanggo amal
(Paul Getty)
Pa        Peranganing awakmu iku kanca raket lan satuhu
(Mutiara Hikmah 264:1657)
Dha     Dhiri pribadhiku dadi kanca dhiri pribadhiku
(J. Roger lan P. Mc. Wiliams)
Ja         Jiwane asor mula seneng murka
(Mahatma Gandhi, 1869-1948)
Ya       Yen pinuju mangan, televisimu patenana
(Robert J. Schuller)
Nya     Nyata, sedhih susah padha lunga, seneng bungah padha teka
(Paribasan Arab)
Ma       Mangretia, alam luwih ngedab-edabi katimbang seni
(Paribasan Latin)
Asline, natura potentior arte
Ga       Gelem lan temen, kuwi wigati banget
(Fisca Annisa Parhan)
Ba        Bandha kadonyan ora bisa mbedakake bener lan lupute
(Muhammad Subuh)
Tha      Thukul tresnane, thukul sekabehane
(Iman lan Taqwa)
Nga     Ngati-ati, obral kuwi kancane obrol
(Sale)

Kamis, 26 Juni 2014

Geguritan (Puisi Jawa)



Amung Gusti kang mangerteni
Amung Gusti kang ngasihi
Amung Gusti kang nresnani
Amung Gusti kang ngawehi
Amung Gusti kang dadi gegondhelaning ati
Amung Gusti kang dadi pepadhange ati
Dhuh Gusti amung Panjenengan kang dadi nomer siji
Nomer siji neng ati iki




Karangsari-Demak
Minggu, 29 Desember 2013






Langite katon resik
Klepering manuk nambahi adheme swasana
Jago-jago padha kluruk
Sineling angin kang sumilir gawe gegodhongan padha jejogedhan
Srengenge kang tansah sumamburat katon jenar maya
Anganggat rahina
Manungsa-manungsa kae padha budhal ngupaboga
Ana neng jero atine mung duweni kekarepan marang Gusti
Mugi pikantuk asil kang mupangati






Semarang, Kledung Raya, No. 367
1 Januari 2014 wanci 12.10

GREBEG BESAR DEMAK KOTA WALI



Budaya grebeg besar punika bentuk keramaian ingkang dipuntepang kaliyan nami GREBEG BESAR ingkang asli asil cipta sedaya wali. Tata caranipun dipunwiwiti sasampunipun walisanga angkatan setunggal ngawontenaken siding wonten ing serambi Masjid Agung Ampel Dento Surabaya, ingkang putusanipun kadosta “NGENANI ANANE SOMAWANA KIPRAH MEKARE TSAQOFAH HINDHU ING NUSA SALALADANE, KUWAJIBAN PARA WALI AREP ALAKU TUT WURI ANGISENI. DARAPUN SUPAYA SANAK-SANAK HINDU MALAH LEGA-LEGAWA MANJING ISLAM.Tegesipun: kawontenan kaliyan ngrembakanipun ajaran Hindu ing pulau wilayah punika, tugas sedaya wali dakwah ngetrepaken adat istiadat ing daerahipun piyambak-piyambak sinambi ngisi napas islam, supados masyarakat Hindhu manahipun rela lan tulus ikhlas mlebet islam.
Putusan siding ingkang dipunserat Sunan Bonang kaliyan Huruf Arab Gondil, bentukipun singkat. Wonten ing taun 1938 M, taksih kasimpen wonten ing lebetipun mushola Astana Tuban dipunrawat juru kunci ingkang naminipun Raden Panji Soleh. Abit wekdal punika, Sunan Kalijaga milai nindakaken dados pelopor pembaharuan (Reformis) anggenipun nyiaraken agami islam. Kangge ngimbangi kepentingan masyarakat, piyambakipun nyiptakaken jinis kesenian enggal ingkang dipunsebat Wayang Purwa (wayang kulit). Ancasipun kangge mitadosi ingkang sampun kiyat agaminipun kaliyan agami tartamtu. Prekawis punika ugi dipunleresaken kaliyan Dr. W. F Stutterheim wonten ing seratanipun “Culture Geschidenis Van Indonesia”.
Wonten ing zaman kejayaan Majapahit masa pemerintahanipun Prabu Kertabhumi Brawijaya V, ngawontenaken upacara Sadha ingkang dipundamel spektakuler. Amargi upacara kasebut dipununikaken gamelan Prabu Kertabhumi Brawijaya V ingkang naminipun Kanjeng Kya Sekar Delima. Rumiyin dipundamel kaliyan Raden Panji Inu Kerta Pati (Panji Semirangsaking kerajaan Jenggala kanthi cara turun temurun dados kagunganipun raja-raja Majapahit.Sasampunipun Majapahit runtuh, sedaya benda pusaka kagunganipun Prabu Kertabhumi Brawijaya V ingkang dipunboyong wonten Demak. Kalebet gamelan Kanjeng Kyai Sekar Delima ingkang kaperang dados : “Bonang Sapangkon, Demung dua pangkon, Kempyang Sepangkon, Saron Barung kalih pangkon, Saron Penerus kalih pangkon, bedhug, lan Gong Besar Sakti”.Menawi gamelan punika dipuntabuk utawi dipununikaken, bonang ingkang nggambaraken satunggaling imam ingkang donga, menawi Demung, Kempyang, Saron, lan sanes-sanesipun nggambaraken makmum ingkang saweg dados ngamini (maos Amin). Supados dakwahipun sedaya wali anggenipun nyiaraken islam saged narik perhatian umum, gamelan Kanjeng Kyai Sekar Delima dipunmupangataken. Ananging sampun dipunjangkepi kaliyan seperangkat gamelan enggal ingkang dipundamel kaliyan Sunan Kalijaga. Lajeng gamelan dipunperang dados kalih perangkat, ingkang saperangkat dipunwastani Kanjeng Kyai Sekati lan perangkat setunggalipun malih dipunwastani Kanjeng Nyai Sekati. Miturut wasiat Sunan Kalijaga, ngantos kapan kenawon wontenipun gamelan kasebut kedah sejodho (sapasang). Mila, Keraton Kasunanan Surakarta namung nampi pambagyan gamelan Kanjeng Kyai Sekati, lajeng damelaken pasangan ingkang enggal (dipunduplikat gamelan Kanjeng Kyai Sekati) lan dipunparingi nami “Guntur Madu” ingkang panggenanipun wonten ing serambi masjid bagyan selatan lan “Guntur Sari” wonten ing bagyan utara. Mekaten ugi, kangge Keraton Kasultanan Yogyakarta, amargi namung nampi gamelan   Kanjeng Nyai Sekati, lajeng damelaken pasanganipun (duplikat Kanjeng Kyai Sekati), ingkang naminipun Guntur Madu lan Nogo Wilogo.
Kangge Kasultanan Cirebon ingkang mboten pikantuk gamelan Kyai Sekati kemudian dibuatkan oleh Sunan Kalijaga yang kebetulan masih ada ikatan keluarga dengan Sunan Gunung Jati di Cirebon.Grebeg Besar lan Sejarahipun saking tembung basa jawi Garebeg, Grebeg, Gerbeg, ingkang gadhahi makna: swanten angin ingkangmenderu.Tembung basa jawi anggarebeg, nggadhahi makna ngiringi raja,  agungutawi pengantin. Grebeg saged ugi dipunwastani dipungiring, dipunkempalaken, lan dipunkepung. Dados grebeg saged dipunwastanidipunkempalaken wonten ing satunggaling panggenan kangge kapentingan khusus. Wonten ugi  Grebeg Besar seremonial ingkang katepang wonten Demak, tembung “Besar” inggih punika mundhut nami wulan inggih punika wulan besar (Dzulhijah).Mila makna Grebeg Besar inggih punika kempalipun masyarakat islam wonten ing wulan Besar, sepisan wonten ing setunggal taun inggih punika kangge satunggaling kepentingan dakwah islamiyah ing Masjid Agung Demak. Criyos tutur mawartakaken menawi rumiyin sedaya raja Jawa asring ngawontenaken selamatn kerajaan (wilujengan nagari) saben taun baru lan dipunsebat Rojowedo, tegesipun kitab suci utawi kebajikan raja. Wonten ugi ingkang ngendika Rojomedo, punika tegesipun kewan korban kaprajan.Ancasipun selametan kaprajan akikatipun inggih punika satunggaling cara korban supados Gusti ingkang Maha Kuwaos maringi lindungan, kaslametan kangge raja lan kaprajan sarta rakyatipun. Wonten ing prastawa punika, rakyat dhateng ngadhep raja kangge ngandharaken sembah bektinipun. Raja medal saking keraton lajeng lenggah wonten ing dhampar kencana ing bangsal Ponconiti. Penampilan raja kangge nampi sembah bektinipun rakyat ingkang badhe sowan, ginarebeg saking sedaya putra lan sedaya punggawa Keraton.
Wonten ing Babad Jawa Jaka Tingkir dipunjlentrehaken: sampun dados prekawis ingkang lazim ing padintenan Maulid Nabi punika dipunwontenaken riwayat Nabi, pamaosan syair tembang-tembang ingkang merdu ingkang gantosan. Sasampunipun perigatan, dipunlajengaken musyawarah antawisipun Sultan Demak lan sedaya Wali Agung, sasampunipun dipunlajengaken tahlilan lan wonten ing pungkasanipun santap sesarengan.Benjingipun dipunwontenaken upacara grebegan, Sultan Demak ngawontenaken paseban ing sitinggil Demak. Wonten ing grebegan kala wau, Sultan wonten ing dhampar kencana Manikwungu ngadhep ing utara, ing sebelah kiwa tengenipun Sultan lenggah sedaya wali pawingking, sedaya pandhita wonten ing Masjid lan sedaya Ulama, abid (tiyang ingkang ahli ibadah), sulaka (salik inggih punika tiyang ingkang gesangipun namung kangge nyaketaken pribadhinipun marang Allah Swt), puhaka (ahli fiqih utawi syariat Islam) wonten ing serambi masjid lan palataranipun. (Babad Jaka Tingkir, 1981:78). Boten dangu sasampunipun Raden Fatah dipunnobataken dados Sultan ingkang nomer setunggal kasultanan Demak kaliyan gelaripun Kanjeng Sultan Raden Abdul Fattah Al Akbar Sayyidin Panatagama, baginda ngicalaken adat ngawontenaken upacara kurban ingkang asring dipunlampahi sedya raja Jawa-Hindhu kepengker. Amargi adat kados mekaten, gadhahi aji ingkang bertentangan kaliyan aqidah Islam.
Pangicalan adat punika dadosaken resah ing kalangan rakyat, amargi rakyat wonten ing gesangipun sampun biasa kaliayan adat kapitadosan ingkang dangu, dereng saged dipuntampi sikap rajanipun ingkang enggal. Karesahan punika dadosaken gangguan keamanan Negara. Saking saran sedaya wali, adat kapitadosan ingkang dangu punika supados dipungesangaken malih, ananging dipunparingi warni keislaman inggih punika kewan kurban dipunsembelih kanthi cara aturan agami islam. Donga awal lan pungkasan punika donga slametan ingkang arupi donga islam dipunpimpin Sunan Giri lan Sunan Bonang.Sedaya wali semangat anggenipun dakwah, panyebaran agami islam ingkang awalipun boten kathah kemajenganipun. Prekawis punika saged dipuntingali kaliyan taksih sekedhik cak-cakanipun santri. Sebagyan rakyat ingkang utamanipun masyarakat saking desa boten purun ngecapaken syahadat ingkang dados pernyataan mlebet agami islam. Pungkasanipun sedaya wali ngawontenaken musyawarah, lan piyambakipun sependapat kangge nginsyafaken rakyat ngenani ajaran agami islam, kedahipun dipunlampahi kanthi cara bertahap, ngginakaken kawicaksanan, sopan santun, ramah tamah anggenipun dakwah lan tanpa maiben adat sarta unur-unsur kabudayan rakyat, kedahipun ugi mupangataken unsur-unsur kabudayan rakyat dados sarana dakwah, ingkang utama inggih punikanmupangataken basa, adat-istiadat lan kesenian rakyat. Sedaya wali manggihi taktik dakwah “TUT WURI ANGISENI” tegesipun ngginakaken lan ngormati kabudayan ingkang wonten, kangge nggampilaken syair agami islam. Naminipun ingkang sanes, JOWO DIGOWO, ARAB DIGARAP.
Sunan Kalijaga mangertosi menawi wekdal punika rakyat remen kaliyan perayaan lan keramaian ingkang dipunhubungaken kaliyan upacara keagamaan. Langkung malih menawi perayaan lan keramaian wonten ugi irama gamelanipun, tamtu kemawon dadosaken gadhahi daya tarik sanget marang rakyat kangge dhateng ningali. Pungkasanipun gagasan saking Sunan Kalijaga medal supados kaprajan ngawontenaken perayaan lan keramaian saben nyambut dinten kelahiran Nabi Muhammad Sawing wulan Rabiul Awal. Kangge narik kawigatosan rakyat supados purun dhateng ing Masjid Agung, mila dipununikaken gamelan ingkang panggenanipun wonten ing palataran masjid. Sasampunipun kempal sedaya wali saged dakwah kanthi cara langsung ing ngajengipun rakyat.
Anggenipun ngunikaken gamelan wonten ing lingkungan masjid punika wonten ingkang ngendika makruh, ananging kanthi cara ngginakaken azas mupangat lan hikmah kangge kelancaran syariat, mila Sunan Kalijaga saking ijtihadipun, wantun ngendika menawi prekawis punika hukumipun mubah utawi angsal dipunlampahi. Pendapat Sunan kalijaga punika saged dipuntampi dening majelis Walisanga. Sultan Fatah ing pungkasanipun ugi sarujuk ngenani gagasanipun Sunan Kalijaga. Mila ing wulan Rabiul Awal, 12 (kalih welas) dinten saderengipun Nabi lair, dipunwontenaken perayaan lan keramaian ingkang dipunsebat Sekaten. Wonten ing palataran Masjid Agung dipunbangun panggenan khusus kanggemenaruhlan ngunikaken gamelan ingkang dipunsebat pagongan. Pagongan inggih punika gong (gamelan) ingkang dipundamel Sunan Giri. Separuh saking gendhing-gendhing (tembang) gamelan punika dipunasilaken saking Sunan Giri lan separuhipun saking Sunan Kalijaga. Ngantos kalih welas dinten gamelan dipunpirengaken kanthi cara terus-tersuan, kajaba ing wekdal-wekdal sholat malem jumat ngantos sholat Jumat.
Tradisi Grebeg Besar  lan sejarah Kota Wali boten saged dipunpisah malih menawi dadosaken tiyang Demak bangga dados warga Kota Wali. Catetan sejarah Kabupaten Demak punika boten saged kapisah saking perjuanganipun sedaya wali (walisanga) anggenipun nyebaraken agami islam ing abad V, inggih punika wontenipun Demak dados pusat kaprajan islam (Kasultanan Bintoro) ing pulau Jawa kaliyan ”masterpieces”ipuninggih punika Sunan Kalijaga lan Sultan Fatah ingkang dipunakui punika tokoh-tokoh ingkang ageng lan wonten pengaruhipun ing lintas sejarah Kabupaten Demak. Boten heran menawi salajengipun kathah acara ritusl ingkang dipunwiwiti dening kalih tokoh kala wau ingkang ngantos samenika lan dados jinising upacara ritual ingkang kedah dipuntengga tiyang, boten namung sedaya warga kota wali ananging ugi saking daerah saking jaba.
Masa Sunan Kalijaga dados penasehat spiritual Sultan Bintoro, khususipun wonten ing masa emas kejayaanipun pemerintahan Sultan Fatah.Piyambakipun ngawontenaken Grebeg Besar dados media dakwah. Tradisi punika dipunwontenaken saben tanggal 10 Dzhulhijjah sesarengan peringatan Hari Raya Idul Adha (Qurban).Namung kemawon leresipun Grebeg Besar ingkang kaping pisan punika dipuwontenaken ing Demak, boten namung sepisan ing setunggal taun wekdal Idul Adha. Ananging punika miturut catetan sejarahipun, wiwitanipun tradisi Grebeg Besar wonten sekawan, inggih punika Grebeg Maulid, Grebeg Dal, Grebeg Syawal, dan Grebeg Besar.Kadosta adicara Grebeg Besar Demak gadhahi urutan tata cara perayaan inggih punika:
1.      Dipunwiwiti kanthi cara silaturrahmi ing pihak Kasepuhan Kadilangu, Bupati  lan Wakil Bupati Demak, sarta jajaran Muspida Demak. Bupati Demak sesarengan rombongan silaturrahmi ing Kasepuhan Kadilangu ingkang panggenanipun wonten ing Pendopo Noto Bratan Kadilangu Demak. Salajengipun, sesepuh Kadilangu lan kulawarga kasepuhan silaturrahmi ing Kabupaten Demak lan piyambakipun dipuntampi Bupati ing ruang tamku Kadipaten Demak.
2.      Sasampunipun silaturrahmi Bupati, Wakil Bupati, DPRD, Muspida Demak lan jajaran pemerintah Kabupaten Demak ziarah wonten makam-makam leluhur Sultan Bintoro ing kompleks Masjid Agung Demak, lan dipunlajengaken ziarah ing makam Sunan Kalijaga.
3.      Salajengipun Bupati, Wakil Bupati, DPRD, Muspida Demak ngresmikaken pambukaan keramaian Grebeg Besar ing lapangan tembiring Jogo Indah.
4.      Ing wekdal ndalu menjelang Idul Adha dipunwontenaken upacara Tumpeng Walisaanga ingkang nggambaraken sanga wali (walisanga), lajeng dipunparingaken Bupati Demak kaliyan Takmir Masjid Agung Demak kangge dipunbagikaken kaliyan sedaya pengunjung.
5.      Ing tanggal 10 Dzulhijjah dipunwontenaken acara jamasan Kotang Ontokusumo ingkang dipunwiwiti sasampunipun Sholat Idul Adha. Jamasan punika dipunwiwiti saking Pendopo Kabupaten Demak kaliyan maringaken miyak jamas saking Bupati kaliyan Manggala Prajurit ingkang badhe dipunbeta wonten ing Kadilangu kaliyan dipunkawal dening prajurit sekawan dasanan ingkang mlampah kanthi jarak 2 km. Bupati lan sedaya kulawarga sarta sedaya pejabat Pemerintah Kabupaten Demak dherek mengantar minyak jamas kaliyan nitih kereta kencana. Sasampunipun ngantos ing Kadilangu, minyak jams punika dipuntampi kaliyan sesepuh Kadilangu lan salajengipun dipunginakaken kangge jamasi Kotang Ontokusumo dan Keris Kyai Crubuk.