Budaya grebeg besar punika bentuk keramaian ingkang dipuntepang kaliyan nami GREBEG BESAR ingkang
asli asil cipta sedaya wali. Tata caranipun dipunwiwiti sasampunipun walisanga
angkatan setunggal ngawontenaken siding wonten ing serambi Masjid Agung Ampel
Dento Surabaya, ingkang putusanipun kadosta “NGENANI ANANE SOMAWANA KIPRAH
MEKARE TSAQOFAH HINDHU ING NUSA SALALADANE, KUWAJIBAN PARA WALI AREP ALAKU TUT
WURI ANGISENI. DARAPUN SUPAYA SANAK-SANAK HINDU MALAH LEGA-LEGAWA MANJING
ISLAM.Tegesipun: kawontenan kaliyan ngrembakanipun ajaran Hindu ing pulau
wilayah punika, tugas sedaya wali dakwah ngetrepaken adat istiadat ing
daerahipun piyambak-piyambak sinambi ngisi napas islam, supados masyarakat Hindhu
manahipun rela lan tulus ikhlas mlebet islam.
Putusan siding ingkang dipunserat Sunan Bonang kaliyan Huruf
Arab Gondil, bentukipun singkat. Wonten ing taun 1938 M, taksih kasimpen wonten
ing lebetipun mushola Astana Tuban dipunrawat juru kunci ingkang naminipun
Raden Panji Soleh. Abit wekdal punika, Sunan Kalijaga milai nindakaken dados
pelopor pembaharuan (Reformis) anggenipun nyiaraken agami islam. Kangge
ngimbangi kepentingan masyarakat, piyambakipun nyiptakaken jinis kesenian
enggal ingkang dipunsebat Wayang Purwa (wayang kulit). Ancasipun kangge
mitadosi ingkang sampun kiyat agaminipun kaliyan agami tartamtu. Prekawis
punika ugi dipunleresaken kaliyan Dr. W. F Stutterheim wonten ing seratanipun
“Culture Geschidenis Van Indonesia”.
Wonten ing zaman kejayaan Majapahit masa pemerintahanipun
Prabu Kertabhumi Brawijaya V, ngawontenaken upacara Sadha ingkang dipundamel spektakuler. Amargi upacara kasebut
dipununikaken gamelan Prabu Kertabhumi Brawijaya V ingkang naminipun Kanjeng
Kya Sekar Delima. Rumiyin dipundamel kaliyan Raden Panji Inu Kerta Pati (Panji
Semirangsaking kerajaan Jenggala kanthi cara turun temurun dados kagunganipun
raja-raja Majapahit.Sasampunipun Majapahit runtuh, sedaya benda pusaka
kagunganipun Prabu Kertabhumi Brawijaya V ingkang dipunboyong wonten Demak.
Kalebet gamelan Kanjeng Kyai Sekar Delima ingkang kaperang dados : “Bonang
Sapangkon, Demung dua pangkon, Kempyang Sepangkon, Saron Barung kalih pangkon,
Saron Penerus kalih pangkon, bedhug, lan Gong Besar Sakti”.Menawi gamelan
punika dipuntabuk utawi dipununikaken, bonang ingkang nggambaraken satunggaling
imam ingkang donga, menawi Demung, Kempyang, Saron, lan sanes-sanesipun
nggambaraken makmum ingkang saweg dados ngamini (maos Amin). Supados dakwahipun
sedaya wali anggenipun nyiaraken islam saged narik perhatian umum, gamelan Kanjeng
Kyai Sekar Delima dipunmupangataken. Ananging sampun dipunjangkepi kaliyan
seperangkat gamelan enggal ingkang dipundamel kaliyan Sunan Kalijaga. Lajeng
gamelan dipunperang dados kalih perangkat, ingkang saperangkat dipunwastani Kanjeng
Kyai Sekati lan perangkat setunggalipun malih dipunwastani Kanjeng Nyai Sekati.
Miturut wasiat Sunan Kalijaga, ngantos kapan kenawon wontenipun gamelan kasebut
kedah sejodho (sapasang). Mila, Keraton Kasunanan Surakarta namung nampi
pambagyan gamelan Kanjeng Kyai Sekati, lajeng damelaken pasangan ingkang enggal
(dipunduplikat gamelan Kanjeng Kyai Sekati) lan dipunparingi nami “Guntur Madu”
ingkang panggenanipun wonten ing serambi masjid bagyan selatan lan “Guntur
Sari” wonten ing bagyan utara. Mekaten ugi, kangge Keraton Kasultanan
Yogyakarta, amargi namung nampi gamelan Kanjeng Nyai Sekati, lajeng damelaken
pasanganipun (duplikat Kanjeng Kyai Sekati), ingkang naminipun Guntur Madu lan
Nogo Wilogo.
Kangge Kasultanan Cirebon ingkang mboten pikantuk gamelan
Kyai Sekati kemudian dibuatkan oleh Sunan Kalijaga yang kebetulan masih ada
ikatan keluarga dengan Sunan Gunung Jati di Cirebon.Grebeg Besar lan
Sejarahipun saking tembung basa jawi Garebeg, Grebeg, Gerbeg, ingkang gadhahi
makna: swanten angin ingkangmenderu.Tembung
basa jawi anggarebeg, nggadhahi makna ngiringi raja, agungutawi pengantin. Grebeg saged ugi
dipunwastani dipungiring, dipunkempalaken, lan dipunkepung. Dados grebeg saged dipunwastanidipunkempalaken
wonten ing satunggaling panggenan kangge kapentingan khusus. Wonten ugi Grebeg Besar seremonial ingkang katepang
wonten Demak, tembung “Besar” inggih punika mundhut nami wulan inggih punika
wulan besar (Dzulhijah).Mila makna Grebeg Besar inggih punika kempalipun
masyarakat islam wonten ing wulan Besar, sepisan wonten ing setunggal taun
inggih punika kangge satunggaling kepentingan dakwah islamiyah ing Masjid Agung
Demak. Criyos tutur mawartakaken menawi rumiyin sedaya raja Jawa asring
ngawontenaken selamatn kerajaan (wilujengan nagari) saben taun baru lan
dipunsebat Rojowedo, tegesipun kitab suci utawi kebajikan raja. Wonten ugi ingkang ngendika Rojomedo, punika
tegesipun kewan korban kaprajan.Ancasipun selametan kaprajan akikatipun inggih
punika satunggaling cara korban supados Gusti ingkang Maha Kuwaos maringi
lindungan, kaslametan kangge raja lan kaprajan sarta rakyatipun. Wonten ing
prastawa punika, rakyat dhateng ngadhep raja kangge ngandharaken sembah bektinipun.
Raja medal saking keraton lajeng lenggah wonten ing dhampar kencana ing bangsal
Ponconiti. Penampilan raja kangge
nampi sembah bektinipun rakyat ingkang badhe sowan, ginarebeg saking sedaya
putra lan sedaya punggawa Keraton.
Wonten ing Babad Jawa Jaka Tingkir dipunjlentrehaken: sampun
dados prekawis ingkang lazim ing padintenan Maulid Nabi punika dipunwontenaken riwayat
Nabi, pamaosan syair tembang-tembang ingkang merdu ingkang gantosan.
Sasampunipun perigatan, dipunlajengaken musyawarah antawisipun Sultan Demak lan
sedaya Wali Agung, sasampunipun dipunlajengaken tahlilan lan wonten ing
pungkasanipun santap sesarengan.Benjingipun dipunwontenaken upacara grebegan,
Sultan Demak ngawontenaken paseban ing sitinggil Demak. Wonten ing grebegan
kala wau, Sultan wonten ing dhampar kencana Manikwungu ngadhep ing utara, ing
sebelah kiwa tengenipun Sultan lenggah sedaya wali pawingking, sedaya pandhita
wonten ing Masjid lan sedaya Ulama, abid (tiyang ingkang ahli ibadah), sulaka
(salik inggih punika tiyang ingkang gesangipun namung kangge nyaketaken
pribadhinipun marang Allah Swt), puhaka (ahli fiqih utawi syariat Islam) wonten
ing serambi masjid lan palataranipun. (Babad Jaka Tingkir, 1981:78). Boten
dangu sasampunipun Raden Fatah dipunnobataken dados Sultan ingkang nomer
setunggal kasultanan Demak kaliyan gelaripun Kanjeng Sultan Raden Abdul Fattah
Al Akbar Sayyidin Panatagama, baginda ngicalaken adat ngawontenaken upacara
kurban ingkang asring dipunlampahi sedya raja Jawa-Hindhu kepengker. Amargi
adat kados mekaten, gadhahi aji ingkang bertentangan
kaliyan aqidah Islam.
Pangicalan adat punika dadosaken resah ing kalangan rakyat,
amargi rakyat wonten ing gesangipun sampun biasa kaliayan adat kapitadosan
ingkang dangu, dereng saged dipuntampi sikap rajanipun ingkang enggal.
Karesahan punika dadosaken gangguan keamanan Negara. Saking saran sedaya wali,
adat kapitadosan ingkang dangu punika supados dipungesangaken malih, ananging
dipunparingi warni keislaman inggih punika kewan kurban dipunsembelih kanthi
cara aturan agami islam. Donga awal lan pungkasan punika donga slametan ingkang
arupi donga islam dipunpimpin Sunan Giri lan Sunan Bonang.Sedaya wali semangat anggenipun dakwah, panyebaran agami islam
ingkang awalipun boten kathah kemajenganipun. Prekawis punika saged
dipuntingali kaliyan taksih sekedhik cak-cakanipun santri. Sebagyan rakyat
ingkang utamanipun masyarakat saking desa boten purun ngecapaken syahadat
ingkang dados pernyataan mlebet agami islam. Pungkasanipun sedaya wali ngawontenaken
musyawarah, lan piyambakipun sependapat kangge nginsyafaken rakyat ngenani
ajaran agami islam, kedahipun dipunlampahi kanthi cara bertahap, ngginakaken
kawicaksanan, sopan santun, ramah tamah anggenipun dakwah lan tanpa maiben adat
sarta unur-unsur kabudayan rakyat, kedahipun ugi mupangataken unsur-unsur
kabudayan rakyat dados sarana dakwah, ingkang utama inggih punikanmupangataken
basa, adat-istiadat lan kesenian rakyat. Sedaya wali manggihi taktik dakwah “TUT
WURI ANGISENI” tegesipun ngginakaken lan ngormati kabudayan ingkang wonten,
kangge nggampilaken syair agami islam. Naminipun ingkang sanes, JOWO DIGOWO,
ARAB DIGARAP.
Sunan Kalijaga mangertosi menawi wekdal punika rakyat remen
kaliyan perayaan lan keramaian ingkang dipunhubungaken kaliyan upacara
keagamaan. Langkung malih menawi perayaan lan keramaian wonten ugi irama
gamelanipun, tamtu kemawon dadosaken gadhahi daya tarik sanget marang rakyat
kangge dhateng ningali. Pungkasanipun gagasan saking Sunan Kalijaga medal
supados kaprajan ngawontenaken perayaan lan keramaian saben nyambut dinten
kelahiran Nabi Muhammad Sawing wulan Rabiul Awal. Kangge narik kawigatosan
rakyat supados purun dhateng ing Masjid Agung, mila dipununikaken gamelan
ingkang panggenanipun wonten ing palataran masjid. Sasampunipun kempal sedaya
wali saged dakwah kanthi cara langsung ing ngajengipun rakyat.
Anggenipun ngunikaken gamelan wonten ing lingkungan masjid
punika wonten ingkang ngendika makruh, ananging kanthi cara ngginakaken azas
mupangat lan hikmah kangge kelancaran syariat, mila Sunan Kalijaga saking
ijtihadipun, wantun ngendika menawi prekawis punika hukumipun mubah utawi
angsal dipunlampahi. Pendapat Sunan kalijaga punika saged dipuntampi dening
majelis Walisanga. Sultan Fatah ing pungkasanipun ugi sarujuk ngenani
gagasanipun Sunan Kalijaga. Mila ing wulan Rabiul Awal, 12 (kalih welas) dinten
saderengipun Nabi lair, dipunwontenaken perayaan lan keramaian ingkang
dipunsebat Sekaten. Wonten ing palataran Masjid Agung dipunbangun panggenan
khusus kanggemenaruhlan ngunikaken
gamelan ingkang dipunsebat pagongan. Pagongan inggih punika gong (gamelan)
ingkang dipundamel Sunan Giri. Separuh saking gendhing-gendhing (tembang)
gamelan punika dipunasilaken saking Sunan Giri lan separuhipun saking Sunan
Kalijaga. Ngantos kalih welas dinten gamelan dipunpirengaken kanthi cara
terus-tersuan, kajaba ing wekdal-wekdal sholat malem jumat ngantos sholat
Jumat.
Tradisi Grebeg Besar lan sejarah Kota Wali boten saged dipunpisah
malih menawi dadosaken tiyang Demak bangga dados warga Kota Wali. Catetan
sejarah Kabupaten Demak punika boten saged kapisah saking perjuanganipun sedaya
wali (walisanga) anggenipun nyebaraken agami islam ing abad V, inggih punika
wontenipun Demak dados pusat kaprajan islam (Kasultanan Bintoro) ing pulau Jawa
kaliyan ”masterpieces”ipuninggih punika Sunan Kalijaga lan Sultan Fatah ingkang
dipunakui punika tokoh-tokoh ingkang ageng lan wonten pengaruhipun ing lintas
sejarah Kabupaten Demak. Boten heran menawi salajengipun kathah acara ritusl
ingkang dipunwiwiti dening kalih tokoh kala wau ingkang ngantos samenika lan
dados jinising upacara ritual ingkang kedah dipuntengga tiyang, boten namung
sedaya warga kota wali ananging ugi saking daerah saking jaba.
Masa Sunan Kalijaga dados penasehat spiritual Sultan
Bintoro, khususipun wonten ing masa emas kejayaanipun pemerintahan Sultan
Fatah.Piyambakipun ngawontenaken Grebeg Besar dados media dakwah. Tradisi
punika dipunwontenaken saben tanggal 10 Dzhulhijjah sesarengan peringatan Hari
Raya Idul Adha (Qurban).Namung kemawon leresipun Grebeg Besar ingkang kaping
pisan punika dipuwontenaken ing Demak, boten namung sepisan ing setunggal taun
wekdal Idul Adha. Ananging punika miturut catetan sejarahipun, wiwitanipun
tradisi Grebeg Besar wonten sekawan, inggih punika Grebeg Maulid, Grebeg Dal,
Grebeg Syawal, dan Grebeg Besar.Kadosta adicara Grebeg Besar Demak gadhahi
urutan tata cara perayaan inggih punika:
1.
Dipunwiwiti
kanthi cara silaturrahmi ing pihak Kasepuhan Kadilangu, Bupati lan Wakil Bupati Demak, sarta jajaran Muspida
Demak. Bupati Demak sesarengan rombongan silaturrahmi ing Kasepuhan Kadilangu
ingkang panggenanipun wonten ing Pendopo Noto Bratan Kadilangu Demak.
Salajengipun, sesepuh Kadilangu lan kulawarga kasepuhan silaturrahmi ing
Kabupaten Demak lan piyambakipun dipuntampi Bupati ing ruang tamku Kadipaten
Demak.
2.
Sasampunipun
silaturrahmi Bupati, Wakil Bupati, DPRD, Muspida Demak lan jajaran pemerintah
Kabupaten Demak ziarah wonten makam-makam leluhur Sultan Bintoro ing kompleks
Masjid Agung Demak, lan dipunlajengaken ziarah ing makam Sunan Kalijaga.
3.
Salajengipun
Bupati, Wakil Bupati, DPRD, Muspida Demak ngresmikaken pambukaan keramaian
Grebeg Besar ing lapangan tembiring Jogo Indah.
4.
Ing
wekdal ndalu menjelang Idul Adha dipunwontenaken upacara Tumpeng Walisaanga
ingkang nggambaraken sanga wali (walisanga), lajeng dipunparingaken Bupati
Demak kaliyan Takmir Masjid Agung Demak kangge dipunbagikaken kaliyan sedaya
pengunjung.
5.
Ing
tanggal 10 Dzulhijjah dipunwontenaken acara jamasan Kotang Ontokusumo ingkang
dipunwiwiti sasampunipun Sholat Idul Adha. Jamasan punika dipunwiwiti saking
Pendopo Kabupaten Demak kaliyan maringaken miyak jamas saking Bupati kaliyan Manggala
Prajurit ingkang badhe dipunbeta wonten ing Kadilangu kaliyan dipunkawal dening
prajurit sekawan dasanan ingkang mlampah kanthi jarak 2 km. Bupati lan sedaya
kulawarga sarta sedaya pejabat Pemerintah Kabupaten Demak dherek mengantar minyak jamas kaliyan nitih kereta
kencana. Sasampunipun ngantos ing Kadilangu, minyak jams punika dipuntampi
kaliyan sesepuh Kadilangu lan salajengipun dipunginakaken kangge jamasi Kotang
Ontokusumo dan Keris Kyai Crubuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar