Amung Gusti kang mangerteni
Amung Gusti kang ngasihi
Amung Gusti kang nresnani
Amung Gusti kang ngawehi
Amung Gusti kang dadi gegondhelaning
ati
Amung Gusti kang dadi pepadhange ati
Dhuh Gusti amung Panjenengan kang
dadi nomer siji
Nomer siji neng ati iki
Karangsari-Demak
Minggu, 29
Desember 2013
Langite katon resik
Klepering manuk nambahi adheme
swasana
Jago-jago padha kluruk
Sineling angin kang sumilir gawe gegodhongan
padha jejogedhan
Srengenge kang tansah sumamburat
katon jenar maya
Anganggat rahina
Manungsa-manungsa kae padha budhal
ngupaboga
Ana neng jero atine mung duweni
kekarepan marang Gusti
Mugi pikantuk asil kang mupangati
Semarang,
Kledung Raya, No. 367
1 Januari
2014 wanci 12.10
Tidak ada komentar:
Posting Komentar