Translate

Selasa, 10 Maret 2015

Pangalaman Pribadhine Kancamu (Cerita Dia)


BINGUNG

Nalika aku ndhaptarake ing SMA Negeri ing kuthaku, atiku dumadakan ora karu-karuwan, awit kang ndhaptarake muntel. Antrine dawa banget.
Bareng wis entuk formulir pendhaptaran, banjur dak-isi. Karepku, formulir enggal-enggal dak-kumpulake. Lha kok, jebule formulir iku kudu ditandatangani wong tuwane. Kepeksa wurung.
Cengklak, aku bali karo ngedumel dhewe, Äh, sesuk rak ya isih ana dina.”
Tenan. Esuke aku mbalekake formulir sing wis ditandatangani Bapak. Bleng..., formulir dak-pasraheke petugas. E..., dumadakan petugas celathu, “Mas, wis dipertimbangke tanan?”
Aku nyauri, “Lho, maksud Bapak?” Bapakke mau nyauri maneh, “Gini, lho Mas, SMA sini kan calon pendaftarnya banyak dan NEM-nya lumayan tinggi.” Aku mung batin, “Ah, ra nggagas.”
Banjur formulir dak-tinggal. Aku ora ngopeni petugas mau.
Sajroning aku ngenteni pengumuman, aku iseng-iseng doaln menyang SMA mau, saperlu nonton jurnal nilai. “Audzubillah, lha kok ana pengumuman jurnal NEM-ku ana ngisor dhewe jebule sing bingung ora mung aku thok. Kanca-kancaku padha bae.
Aku banjur rembugan karo kanca-kancaku, aku langsung nyabut NEM-ku.
Esuke aku menyang luar kota. E... jebule, jas bukak iket blangkon. Sama sami mawon pendhaptarane mbludak. Aku bingung temenan.
Ana ngomah, aku rembugan karo Bapak langsung menyang sekolah swasta pilihanku.
Wah, plong rasane atiku, jalaran nomer pendhaptaranku ana. Ateges aku ketampa. Nanging aku mikir maneh. “Lho..., uang pembangunane kepriye ya? Apa ora dhuwur? ah, iku urusane Bapak, titik.

Pengalaman Pribadhi, dening Widya.
Sumber: Yatmana, Sudi, dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 1 SMA Kelas X. Semarang: Yudhistira.

Kata-Kata Mutiara Bahasa Jawa



BUDHI PEKERTI
(Pangracik Sudi Yatmana)

Ha          Aja duwe panduga ala marang sapepadha
(Samadi)

Na          Nresnani lan ditresnani kuwi kabegjan kang ngedab-edabi tumrap wong urip iki
(Sidney Smith)

Ca       Carane mikir wong pesimis, kabeh kok sarwapeteng ndhedhet. Carane mikir wong optimis, kabeh kok sarwa padhang njinglang
(Sir Winston Churchill)

Ra        Rak ora kober kok tresnani yen wong kuwi kok adili
(Ibu Teresa 1910-1997, biarawati panampa nobel perdamaian 1979)

Ka       Kowe kuwi apa kang kok pangan
(Kesehatan: 14, Kompas 30 Mei 2011)
Asline, you are what you eat

Da       Diwiwiti nesu, pungkasane isin dhewe
(Benjamin Franklin)

Ta        Tresna ngungkuli lan ngungguli sakabehe
Tresna tetep ajeg ana sanadyan bandha sarta kasarasan sirna
(Og Mandino)

Sa        Sagara kang anteng ora ndadekake pelayar trampil
(Beautiful Calendar Ao 104)
Asline, smooth seas do not make skillfull sailors

Wa       Waras, kulina mangan ora kesethithikan ora kakehan
(Hipocrates, 400 taun sadurunge Masehi)
Kesehatan: 16 Mei 2011

La        La yen terus-terusan begja, apa uripe bisa utama
(George Loewenstein, ekonmi Carnegia Mellon University)

Pa        Pancen, kabeh wong kuwi sedulur
(Vasudewa kutum bakham)

Dha     Dhasarane iki, alam sawegung sekolahanku, kabeh wong iku guruku
(Kolektor)

Ja         Jiwaku mung bisa ngliwati kaendahaning donya tumuju marang swarga, ora bisa ngliwati dalan liya
(Michelangelo)

Ya       Ya kang dakpangan kuwi kang gawe rusaking awakku
(Quod me nutrit me destruit)
Tulisan tato ing sangisoring wudele bintang film Angelina Jolie
Kompas, 2 September 2009

Nya     Nyebar tata krama panen pasaduluran, nyebar kabecikan panen katresnan
(St. Bisilius Agung)

Ma       Manggon ing swarga, manggon ing atine umat sing sarwa sareh syukur Gusti Allah kuwi
(Izaak Walton)

Ga       Gusti Allah, maringana ingkang leres saking sedaya keblat
(Om, anebadrah kratavo yantu visvatah)

Ba        Bandha sejatining bandha kuwi kasarasan, dudu emas dudu perak
(Mahatma Gandhi)

Tha      Thenguk-thenguk apa bakal entuk
Becike rekadaya samurwate
(Wulang Wuruk)

Nga     Ngakoni kekurangane dhewe dadi dalan amrih majune
(Samadi)