Translate

Selasa, 10 Maret 2015

Pangalaman Pribadhine Kancamu (Cerita Dia)


BINGUNG

Nalika aku ndhaptarake ing SMA Negeri ing kuthaku, atiku dumadakan ora karu-karuwan, awit kang ndhaptarake muntel. Antrine dawa banget.
Bareng wis entuk formulir pendhaptaran, banjur dak-isi. Karepku, formulir enggal-enggal dak-kumpulake. Lha kok, jebule formulir iku kudu ditandatangani wong tuwane. Kepeksa wurung.
Cengklak, aku bali karo ngedumel dhewe, Äh, sesuk rak ya isih ana dina.”
Tenan. Esuke aku mbalekake formulir sing wis ditandatangani Bapak. Bleng..., formulir dak-pasraheke petugas. E..., dumadakan petugas celathu, “Mas, wis dipertimbangke tanan?”
Aku nyauri, “Lho, maksud Bapak?” Bapakke mau nyauri maneh, “Gini, lho Mas, SMA sini kan calon pendaftarnya banyak dan NEM-nya lumayan tinggi.” Aku mung batin, “Ah, ra nggagas.”
Banjur formulir dak-tinggal. Aku ora ngopeni petugas mau.
Sajroning aku ngenteni pengumuman, aku iseng-iseng doaln menyang SMA mau, saperlu nonton jurnal nilai. “Audzubillah, lha kok ana pengumuman jurnal NEM-ku ana ngisor dhewe jebule sing bingung ora mung aku thok. Kanca-kancaku padha bae.
Aku banjur rembugan karo kanca-kancaku, aku langsung nyabut NEM-ku.
Esuke aku menyang luar kota. E... jebule, jas bukak iket blangkon. Sama sami mawon pendhaptarane mbludak. Aku bingung temenan.
Ana ngomah, aku rembugan karo Bapak langsung menyang sekolah swasta pilihanku.
Wah, plong rasane atiku, jalaran nomer pendhaptaranku ana. Ateges aku ketampa. Nanging aku mikir maneh. “Lho..., uang pembangunane kepriye ya? Apa ora dhuwur? ah, iku urusane Bapak, titik.

Pengalaman Pribadhi, dening Widya.
Sumber: Yatmana, Sudi, dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 1 SMA Kelas X. Semarang: Yudhistira.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar