BUDHI PEKERTI
(Pangracik
Sudi Yatmana)
Ha
Aja duwe panduga ala marang sapepadha
(Samadi)
Na
Nresnani lan ditresnani kuwi kabegjan
kang ngedab-edabi tumrap wong urip iki
(Sidney
Smith)
Ca Carane mikir wong pesimis, kabeh kok
sarwapeteng ndhedhet. Carane mikir wong optimis, kabeh kok sarwa padhang
njinglang
(Sir
Winston Churchill)
Ra Rak ora kober kok tresnani yen wong kuwi
kok adili
(Ibu
Teresa 1910-1997, biarawati panampa nobel perdamaian 1979)
Ka
Kowe kuwi apa kang kok pangan
(Kesehatan: 14, Kompas 30 Mei 2011)
Asline, you are what
you eat
Da
Diwiwiti nesu, pungkasane isin dhewe
(Benjamin
Franklin)
Ta Tresna ngungkuli lan ngungguli sakabehe
Tresna tetep ajeg ana sanadyan bandha
sarta kasarasan sirna
(Og
Mandino)
Sa
Sagara kang anteng ora ndadekake pelayar
trampil
(Beautiful Calendar Ao 104)
Asline, smooth seas do
not make skillfull sailors
Wa
Waras, kulina mangan ora
kesethithikan ora kakehan
(Hipocrates, 400 taun sadurunge Masehi)
Kesehatan:
16 Mei 2011
La
La yen terus-terusan begja, apa
uripe bisa utama
(George
Loewenstein, ekonmi Carnegia Mellon University)
Pa
Pancen, kabeh wong kuwi sedulur
(Vasudewa
kutum bakham)
Dha Dhasarane iki, alam sawegung sekolahanku,
kabeh wong iku guruku
(Kolektor)
Ja Jiwaku mung bisa ngliwati kaendahaning
donya tumuju marang swarga, ora bisa ngliwati dalan liya
(Michelangelo)
Ya
Ya kang dakpangan kuwi kang gawe
rusaking awakku
(Quod me nutrit
me destruit)
Tulisan tato ing sangisoring wudele
bintang film Angelina Jolie
Kompas,
2
September 2009
Nya
Nyebar tata krama panen pasaduluran,
nyebar kabecikan panen katresnan
(St.
Bisilius Agung)
Ma Manggon ing swarga, manggon ing atine
umat sing sarwa sareh syukur Gusti Allah kuwi
(Izaak
Walton)
Ga
Gusti Allah, maringana ingkang leres
saking sedaya keblat
(Om,
anebadrah kratavo yantu visvatah)
Ba Bandha sejatining bandha kuwi kasarasan,
dudu emas dudu perak
(Mahatma
Gandhi)
Tha
Thenguk-thenguk apa bakal entuk
Becike rekadaya samurwate
(Wulang
Wuruk)
Nga Ngakoni kekurangane dhewe dadi dalan amrih
majune
(Samadi)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar