Translate

Minggu, 14 Juni 2015

WARA-WARA KUWI PENGUMUMAN (BASA LATINE ANNOUNCEMENT)



WARA-WARA
(PENGUMUMAN)
Miturut Kamus Basa Jawa (2001), wara-wara yaiku kandha-kandha , undang-undang utawa ngabari (aweh weruh). Wara-wara ing basa Indonesia artine ‘pengumuman’. Wara-wara yaiku pawarta wigati utawa penting sing kudu digiyarake ing ngarepe wong akeh. Bakune wara-wara yaiku saoa, kanggo sapa lan apa isine wara-wara iku.
Perangane wara-wara kang umume ana yaiku ing ngisor iki.
1. Judul utawa irah-irahan,
2. Adangiyah utawa salam taklim,
3. Bebuka utawa pambuka,
4. Surasa basa utawa panutup,
5. Wasana basa utawa panutup,
6. Panggonan lan titi mangsa,
7. Peprenah utawa jabatan,
8. Tapak asma utawa tandha tangan,
9. Asma terang kang menehi wara-wara.

Tuladha Wara-wara
Wara-wara
Para warga RT 04 RW I Dhusun Gandhok ingkang kula urmati.
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 69 para warga RT 04 RW I Dhusun Gandok kasuwun kerja bakti kangge lomba karesikan tuwin kaendahan dhusun kerja bakti dipunlampahi benjing
Dinten  : Minggu Pon
Surya   : 24 Juli 2014
Tabuh : 07.00 WIB
Mila, para warga supados mbekta piranti kangge keja bakti damel asri lingkungan RT 04 RW I  Dhusun Gandok. Mekaten wara-wara punika, sageda dipunlampahi kanthi sae.

Sleman, 17 Juli 2014
Ketua RT 04,

Roni Hartomo

Sumber: Yatmana, Sudi. 2012. Kabeh Bisa Bas Jawa. Semarang: Yudhistira.

Senin, 06 April 2015

PAWARTA BASA JAWA (BERITA BAHASA JAWA)


PAWARTA (BERITA)
Warta ing Kamus Basa Jawa (2001) tegese kabar. Warta yaiku informasi utawa kabar anyar utawa kabar ngenani bab lan sawijning kadadeyan kang lagi wae ana. Warta dikabarake liwat wujud medhia cetak, siyaran utawa medhia elektronik, internet lan saka guneman wong siji marang liyane. Wong kang golek warta lan nulis warta kasebut wartawan.
Televisi umume nduwe acara warta amargi warta iku penting tumrap masarakat. Anane siyaran warta bisa gawe masarakat ngerti kadadeyan-kadadeyan ing ngendi-endi. Saliyane iku, uga bisa kanggo pangeling supaya waspada, contone warta ngenani akehe maling lan wong culika ing jaman saiki. Isih akeh gunane warta tumrap wong urip bebrayan. Mula, ayo padha nggatekake lan nyimak warta!
Perangane pawarta iku bisa karngkum dadi 5W + 1 H, yaiku kay mangkene:
What   : kadadeyan apa sing diwartakake utawa dikabarake?
Who    : sapa sing terlibat ing kakadeyan iku?
Whe     : kapan kadadeyan ing warta iku?
Where : ing endi kadadeyane?
Why    : geneya bisa kadadeyan kang mangkana?
How    : kepriye kadadeyane?
Sumber: Yatmana, Sudi dkk. 2012. Kabeh Seneng Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.
 

Tuladha pawarta
Lawang Sewu
Ing kutha Semarang, akeh panggonan kang nengsemake kanggo plesiran sakeluarga. Kutha Semarang kang dadi ibukotane Propinsi Jawa Tengah kalebu kutha gedhe ing Indnesi. Semarang awujud kutha gedhe kawit saka jaman pamrintahan penjajah Belanda, buktine yaiku kantor pusate perusahaan keta api (trem) Belanda ana ing kutha iki. Kantor pusat Nederlandsch Indishe Spoorweg Naatschappij utawa kasebut NIS iki manggon ing sawijining gedhung megah arsitektur Belanda. Kang ngrancang bangunan iku arsitek saka Belanda yaiku Prof. Jacob F Kalinkhamer lan B.J Queendag. Gedhung iki dening warga Semarang kasebut gedhung Lawang Sewu amarga duweni lawang kang cacahe sewu.
Ora angel nggoleki lokasi gedhung tuwa iki amarga panggonane cedhak cedhak karo Monumen Tugu Muda lan dadi salah sijine sudhut kutha Semarang. Gedhung kuna iki miturut catehetan sejarah dibangun wektu taun 1903 lan diresmikake tanggal 1 Juli 1907.
Bangunan kuno iki sawise kemerdekaan dadi Kantor Jawatan Kereta Api Indonesia. Kantor Kodam IV/Diponegoro lan uga dadi kantor Wilayah Departemen Perhubungan Jawa Tengah.
Lawang Sewu dadi lokasi pertempuran antarane pemuda AMKA karo Kompetai Kido Buati Jepang. Amarga iku, Pamarintah Kota Semarang nglebakake Lawang Sewu dadi salah siji bangunan kuna utawa sejarah kang dilindungi.
Kasadur saka: www.freshwell.com
Sumber: Yatmana, Sudi dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.


Selasa, 10 Maret 2015

Pangalaman Pribadhine Kancamu (Cerita Dia)


BINGUNG

Nalika aku ndhaptarake ing SMA Negeri ing kuthaku, atiku dumadakan ora karu-karuwan, awit kang ndhaptarake muntel. Antrine dawa banget.
Bareng wis entuk formulir pendhaptaran, banjur dak-isi. Karepku, formulir enggal-enggal dak-kumpulake. Lha kok, jebule formulir iku kudu ditandatangani wong tuwane. Kepeksa wurung.
Cengklak, aku bali karo ngedumel dhewe, Äh, sesuk rak ya isih ana dina.”
Tenan. Esuke aku mbalekake formulir sing wis ditandatangani Bapak. Bleng..., formulir dak-pasraheke petugas. E..., dumadakan petugas celathu, “Mas, wis dipertimbangke tanan?”
Aku nyauri, “Lho, maksud Bapak?” Bapakke mau nyauri maneh, “Gini, lho Mas, SMA sini kan calon pendaftarnya banyak dan NEM-nya lumayan tinggi.” Aku mung batin, “Ah, ra nggagas.”
Banjur formulir dak-tinggal. Aku ora ngopeni petugas mau.
Sajroning aku ngenteni pengumuman, aku iseng-iseng doaln menyang SMA mau, saperlu nonton jurnal nilai. “Audzubillah, lha kok ana pengumuman jurnal NEM-ku ana ngisor dhewe jebule sing bingung ora mung aku thok. Kanca-kancaku padha bae.
Aku banjur rembugan karo kanca-kancaku, aku langsung nyabut NEM-ku.
Esuke aku menyang luar kota. E... jebule, jas bukak iket blangkon. Sama sami mawon pendhaptarane mbludak. Aku bingung temenan.
Ana ngomah, aku rembugan karo Bapak langsung menyang sekolah swasta pilihanku.
Wah, plong rasane atiku, jalaran nomer pendhaptaranku ana. Ateges aku ketampa. Nanging aku mikir maneh. “Lho..., uang pembangunane kepriye ya? Apa ora dhuwur? ah, iku urusane Bapak, titik.

Pengalaman Pribadhi, dening Widya.
Sumber: Yatmana, Sudi, dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 1 SMA Kelas X. Semarang: Yudhistira.

Kata-Kata Mutiara Bahasa Jawa



BUDHI PEKERTI
(Pangracik Sudi Yatmana)

Ha          Aja duwe panduga ala marang sapepadha
(Samadi)

Na          Nresnani lan ditresnani kuwi kabegjan kang ngedab-edabi tumrap wong urip iki
(Sidney Smith)

Ca       Carane mikir wong pesimis, kabeh kok sarwapeteng ndhedhet. Carane mikir wong optimis, kabeh kok sarwa padhang njinglang
(Sir Winston Churchill)

Ra        Rak ora kober kok tresnani yen wong kuwi kok adili
(Ibu Teresa 1910-1997, biarawati panampa nobel perdamaian 1979)

Ka       Kowe kuwi apa kang kok pangan
(Kesehatan: 14, Kompas 30 Mei 2011)
Asline, you are what you eat

Da       Diwiwiti nesu, pungkasane isin dhewe
(Benjamin Franklin)

Ta        Tresna ngungkuli lan ngungguli sakabehe
Tresna tetep ajeg ana sanadyan bandha sarta kasarasan sirna
(Og Mandino)

Sa        Sagara kang anteng ora ndadekake pelayar trampil
(Beautiful Calendar Ao 104)
Asline, smooth seas do not make skillfull sailors

Wa       Waras, kulina mangan ora kesethithikan ora kakehan
(Hipocrates, 400 taun sadurunge Masehi)
Kesehatan: 16 Mei 2011

La        La yen terus-terusan begja, apa uripe bisa utama
(George Loewenstein, ekonmi Carnegia Mellon University)

Pa        Pancen, kabeh wong kuwi sedulur
(Vasudewa kutum bakham)

Dha     Dhasarane iki, alam sawegung sekolahanku, kabeh wong iku guruku
(Kolektor)

Ja         Jiwaku mung bisa ngliwati kaendahaning donya tumuju marang swarga, ora bisa ngliwati dalan liya
(Michelangelo)

Ya       Ya kang dakpangan kuwi kang gawe rusaking awakku
(Quod me nutrit me destruit)
Tulisan tato ing sangisoring wudele bintang film Angelina Jolie
Kompas, 2 September 2009

Nya     Nyebar tata krama panen pasaduluran, nyebar kabecikan panen katresnan
(St. Bisilius Agung)

Ma       Manggon ing swarga, manggon ing atine umat sing sarwa sareh syukur Gusti Allah kuwi
(Izaak Walton)

Ga       Gusti Allah, maringana ingkang leres saking sedaya keblat
(Om, anebadrah kratavo yantu visvatah)

Ba        Bandha sejatining bandha kuwi kasarasan, dudu emas dudu perak
(Mahatma Gandhi)

Tha      Thenguk-thenguk apa bakal entuk
Becike rekadaya samurwate
(Wulang Wuruk)

Nga     Ngakoni kekurangane dhewe dadi dalan amrih majune
(Samadi)